MEMAHAMI GEGURITAN GEGURITAN Ø Geguritan menika saking tembung gurit ingkang tegesipun seratan. Geguritan menika salah satunggaling asil kabudayan Jawi modern. Sinten kemawon saged ndamel geguritan. Nganggit geguritan menika saged ngandharaken pengalaman pribadi utawi gambaran kawontenan ing masarakat, utawi pagesanganipun tiyang ing alam donya miturut jamanipun. Ø Geguritan minangka salah satunggalipun puisi jawa modern ingkang panyeratanipun boten ngginakaken aturan (bebas). Ø Panyeratanipun tanpa kaiket aturan guru lagu, guru gatra menapa ugi guru wilangan. Nggambaraken pengalaman pribadhi, pagesanganipun tiyang menapa ugi kahananipun jaman. Geguritan wujudipun langkung m a rdika tinimbang tembang. Nganggit geguritan boten prelu ngginakaken paugeran ingkang gumathok kados wonten ing tembang, pramila geguritan saged dipunwastani puisi bebas. Ø Ingkang kedah dipungatosaken nalika maos geguritan (4W) inggih menika : Wicara: pocapan cetha, le...