Skip to main content
MEMAHAMI GEGURITAN

GEGURITAN
Ø  Geguritan menika saking tembung gurit ingkang tegesipun seratan. Geguritan menika salah satunggaling asil kabudayan Jawi modern. Sinten kemawon saged ndamel geguritan. Nganggit geguritan menika saged ngandharaken pengalaman pribadi utawi gambaran kawontenan ing masarakat, utawi pagesanganipun tiyang ing alam donya miturut jamanipun.
Ø  Geguritan minangka salah satunggalipun puisi jawa modern ingkang panyeratanipun boten ngginakaken aturan (bebas).
Ø  Panyeratanipun tanpa kaiket aturan guru lagu, guru gatra menapa ugi guru wilangan. Nggambaraken pengalaman pribadhi, pagesanganipun tiyang menapa ugi kahananipun jaman.
Geguritan wujudipun langkung m
ardika tinimbang tembang. Nganggit geguritan boten prelu ngginakaken paugeran ingkang gumathok kados wonten ing tembang, pramila geguritan saged dipunwastani puisi bebas.
Ø  Ingkang kedah dipungatosaken nalika maos geguritan (4W) inggih menika :
Wicara: pocapan cetha, leres, jelas, tegas, boten bindheng, boten blero.
Wirama: minggah mandhapipun swanten, lirih saha seronipun swanten (irama)
Wirasa: ngraosaken salebeting manah ing geguritan (susah, semangat, nelangsa)
Wiraga: ekspresi/ patrap (sikep, obahipun badan, lan pasemon (rai).
Ø  Tuladha Geguritan
Jaman
(Déning Muhammad Yamin)
Jaman gègèr aku ngungsi ketèwèr-tèwèr
ndhelik sor ngèmpèr
ngerti-ngerti ketiban gèntèr
alah bapak balung saté
uripku ijèn-ijènan
nong-ning, nong nèng, nong ning, nèng nung
Rekasane urip jaman gègèr
ati ora jenjem mangan ora tentrem
turu ora bisa merem
pating jledhor bedhil mriyem
oh, Paiyem..Paiyem, bojoku sing mati kaliren
bubar nglairké anak wadon nalika perang ramé
mula bocah wadon mau dakjenengaké “Ramé”
Oh, Ramé Ramé kowé sakiki wis genti duwé
anak cacah lima semega-semega
urip jaman merdika enaké apa-apa ana
kliwat édan dadi brandhalan
ombèn-ombèn, mabuk-mabukan
tan ngerti bedhahing kamardikan
Aku tumbaling putuku
lelabuhan jebul aji watu
saiki jaman maju
apa-apa kolu
jaman mau wong urip sarwa kesusu
mlebu metu nèng hotel nyandhing wong ayu
lah bapak ra ngerti saru
sing nèng ngomah padha padu
Damèn-damèn, pari-pari
biyèn-biyèn, saiki-saiki
o, slamet-slamet
jamané bundhet ruwet
ora eling labuh labet
“E, Bocah-bocah… jaman rongèwu nèng ngarepmu. Mangsa borong, nèng pundhakmu jaman dadi abang biru.
Aku ora ngaru siku, wis, simbah turu.”
(Pengilon, Antologi Geguritan FKY)
1)    Gègèr           : oreg rame, ana perang     
2)    Jenjem          : ayem lan tentrem (ora kakean pikir)
3)    Lelabuhan      : jasa, kabecika
4)    Damen                   : wit pari (garing)
5)    labuh labet    : gawe jasa sarana melu nandhang lara lapa

Tugas 1
Kawaosa geguritan ing ngandhap menika kanthi permati lajeng kawangsulana pitakenanipun kanthi migunakaken tata basa Jawa krama ingkang leres!
Lali, Ora Kelingan
Dening : Alvi purwanti (XE, 2013)
Lali, lali, lali...
Saiki nalikane jaman edan
Akeh wong kang padha ra kelingan
Ora tuwa, ora nom-noman
Wis padha ora eling aturan

Geger...r...!!!
Aturan kang biyen diuri-uri
Aturan kang biyen dadi panutan sing diajeni
Ananging,
Saiki wis lekas mati ora mandi
Wis lekas ilang saka bumi pertiwi

Hhhemmm..
Akeh wong kang padha tumindak sakarepe dhewe
Tumindak kang sepele, agawe perkara gedhe
Sing penting mung seneng kang dirasake
Ora padha mikirke kedadean sabanjure
Wiss..s
Lathine wis padha ora dijaga
Busana katon ora prasaja
Tindak tanduke agawe sepeting netra
Wong jaman saiki padha angel ditata

Sawangen..n!
Tumindake nom-noman edan
Sing lanang padha tindhikan
Sing wadon padha rokokan
Seneng mabuk lan kebut-kebutan
Bebasan kriwikan dadi grojogan
Perkara cilik dadi tawuran

Oalaah, nyebyta, nyebut!
Ora mung waton ngebut
Ananging atine wis katutup kabut
Rumangsa ampuh yen agawe ribut

Bocah-bocah kang seneng agawe perkara
Ora eling marang tata krama
Ora eling yen wong tuwa atine lara
Wangun yen rama, biyung, ngelus dhadha

Wis, uwis cukup kuwi wae
Sing uwis yo ben dijarke
Sing durung aja nganti kesandhung
Aja kajiret, aja kesrimpung

Sumber: 
Ernawati, Dwi.2013. Modul pembelajaran bahasa Jawa SMA N 1 Wates.Yogyakarta: Dinas Pendidikan Kulon Progo. 
1)    Menapa tegesipun tembung:
a)    Panutan
b)   Prasaja
c)    Sepeting netra
d)    Dijarke
e)    Mandi
2)    Kagancarna geguritan ing nginggil menika kanthi pangolahing ukara panjenengan kiyambak!
3)    Kasebatna tiga piwulang ingkang saged dipunpikantuk saking geguritan ing nginggil menika!
4)    Kaandharna pamanggihipun panjenengan ngengingi gegayutan antawisipun isi geguritan ing nginggil menika kaliyan kahanan ing sakiwatengenipun panjenengan!
5)    Kasebatna kaluwihan geguritan ing nginggil menika menawi dipuntingali saking aspek tembung-tembung saha ukaranipun!

Comments

Post a Comment

Popular posts from this blog

KUMBAKARNA Raden Kumbakarna iku sawijining raseksa kang nduwé watek satriya, jujur, seneng marang bebener, lan panggah mbélani negarané. Raden Kumbakarna mapan anèng Kasatriyan Panglebur Gangsa. Nalika Dasamuka mbrontak kahyangan lan para dewa ora kuwawa ngadhepi serangan mau, Kumbakarna oleh jodho widadari Dewi Kiswani lan peputra kembar wujud raseksa aran Kumba Kinumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diserang déning bala kethèk sekutuné Sri Rama, Kumbakarna matur marang Dasamuka supaya Sinta dibalèkaké marang Rama, sebab perkara mau bisa ndadèkaké Alengka rubuh. Krungu aturé Kumbakarna, Dasamuka banjur duka lan prasapa bakal mbelani Sinta nganti tekaning pati. Kumbakarna ditundhung lunga saka Alengka. Kumbakarna banjur tapa turu, ora pengin weruh negara Alengka lemah klairané rubuh merga perkara wanita. Nalika perang gedhèn kedadèn, Dasamuka ngutus Indrajit supaya nggugah tapané Kumbakarna lan njaluk supaya Kumbakarna dadi senopati perang mungsuh Sri Rama. Indrajit kasil ngguga...

Tembang Macapat

3.3.   Memahami ajaran moral dan menganalisis struktur tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.1 Menjelaskan hakikat Tembang Macapat 3.3.2  Mengidentifikasi kata-kata sukar di dalam Tembang Macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.3  Mendeskripsikan struktur teks tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.4  Mendeskripsikan ajaran moral tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.5  Menjelaskan kaidah kebahasaan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.1  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.2  Menanggapi penampilan teman Tembang Macapat A. Jinising Tembang Macapat Tembang macapat uga sinebut puisi tradhisional  jinisi lan perangane  dadi telung perangan gedhe : b)       Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik) Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pang...
Wayang Wayang menika  gadhah  teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung  Ayang-ayang  minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang menika cekakaan saking tembung “ WA yahe sembah YANG ” ingkang tegesipun wayanipun Sholat. Sanesipun nyebataken bilih wayang menika cekakan saking tembung “ WA HANANE   H YANG ” Tembung  Wahana  tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung  Hyang  tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad. Babon carios wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih menika saking carios Ramayana saha Mahabharata. Cariso Ramayana ingkang basa sankretanipun  Rāmâyaṇa  saking tembung  Rāma  dalah  Ayaṇa  ingkang tegesipun Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening  Walmiki  (Valmiki) utawi Balmiki. Dene carios Mahabharata ingkang dipunanggit dening Begawan  Byasa  atau Vyasa, carios men...