Skip to main content
KUMBAKARNA
Raden Kumbakarna iku sawijining raseksa kang nduwé watek satriya, jujur, seneng marang bebener, lan panggah mbélani negarané. Raden Kumbakarna mapan anèng Kasatriyan Panglebur Gangsa. Nalika Dasamuka mbrontak kahyangan lan para dewa ora kuwawa ngadhepi serangan mau, Kumbakarna oleh jodho widadari Dewi Kiswani lan peputra kembar wujud raseksa aran Kumba Kinumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diserang déning bala kethèk sekutuné Sri Rama, Kumbakarna matur marang Dasamuka supaya Sinta dibalèkaké marang Rama, sebab perkara mau bisa ndadèkaké Alengka rubuh. Krungu aturé Kumbakarna, Dasamuka banjur duka lan prasapa bakal mbelani Sinta nganti tekaning pati. Kumbakarna ditundhung lunga saka Alengka.
Kumbakarna banjur tapa turu, ora pengin weruh negara Alengka lemah klairané rubuh merga perkara wanita. Nalika perang gedhèn kedadèn, Dasamuka ngutus Indrajit supaya nggugah tapané Kumbakarna lan njaluk supaya Kumbakarna dadi senopati perang mungsuh Sri Rama. Indrajit kasil nggugah Kumbakarna nanging Kumbakarna ora gelem mèlu perang, nyalahaké Rahwana kang tegel ngorbanaké rakyat Alengka kanggo kepentingané dhéwé, ing atasé ratu gung binathara kok ngrampas garwané wong liya. Kanggo gawé nesuné Kumbakarna, Indrajit matur yèn putrané sakloron Kumba Kinumba lan Aswani Kumba diperjaya dening Sri Rama. Krungu ature Indrajit, Kumbakarna duka yayah sinipi lan prasapa bakal mbélani negara lemah klairané saka serangan mungsuh. Kumbakarna maju ing palagan perang lan ndadèkaké bala kethèk padha mlayu sebab Narpati Sugriwa dhéwé minangka senopatining perang ora kuwawa ngadhepi Kumbakarna.
Gunawan Wibisana kang ora sarujuk marang panemuné Dasamuka uga metu saka krajan Alengka lan gabung dadi siji kaliyan Sri Rama. Wibisana matur yèn ta Kumbakarna bakal kasor kalamun Sri Rama lan Leksmana bareng anggoné nglepasaké panah. Kanthi mangkono apa kang dadi supatané Jambumangli bakal katekan. Kumbakarna gugur ndhepani bumi Alengka, minangka pahlawan kang setya béla nusa bangsané.
(Kajarwakaké saka “Bunga Rampai” Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, kanthi owah-owahan saperluné).
Tugas 2
Kadamelna kelompok (setunggal kelompok wonten sekawan siswa). Kadamelna kliping:
1)    Isinipun ngandharaken cariyos satunggalipun paraga wayang
2)    Saben siswa ngandharaken kalih paraga wayang
3)    Stunggal kliping minimal wolung karakter wayang!
4)    Kaandharna setunggal karakter ingkang wonteng ing isinipun kliping ingkang panjenengan damel menika wonten ing sangajengipun kanca-kanca panjenengan!


Comments

Popular posts from this blog

Tembang Macapat

3.3.   Memahami ajaran moral dan menganalisis struktur tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.1 Menjelaskan hakikat Tembang Macapat 3.3.2  Mengidentifikasi kata-kata sukar di dalam Tembang Macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.3  Mendeskripsikan struktur teks tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.4  Mendeskripsikan ajaran moral tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.5  Menjelaskan kaidah kebahasaan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.1  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.2  Menanggapi penampilan teman Tembang Macapat A. Jinising Tembang Macapat Tembang macapat uga sinebut puisi tradhisional  jinisi lan perangane  dadi telung perangan gedhe : b)       Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik) Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula. b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhag
Wayang Wayang menika  gadhah  teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung  Ayang-ayang  minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang menika cekakaan saking tembung “ WA yahe sembah YANG ” ingkang tegesipun wayanipun Sholat. Sanesipun nyebataken bilih wayang menika cekakan saking tembung “ WA HANANE   H YANG ” Tembung  Wahana  tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung  Hyang  tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad. Babon carios wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih menika saking carios Ramayana saha Mahabharata. Cariso Ramayana ingkang basa sankretanipun  Rāmâyaṇa  saking tembung  Rāma  dalah  Ayaṇa  ingkang tegesipun Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening  Walmiki  (Valmiki) utawi Balmiki. Dene carios Mahabharata ingkang dipunanggit dening Begawan  Byasa  atau Vyasa, carios menika wosipun ngengingi Pandawa saha Kurawa ingkang rebatan Negara Astina. Ananging carios Ramayana s