Skip to main content

Posts

Showing posts from February, 2018
SOAL REMEDY KD 5 & KD 6, BAHASA JAWA KELAS X 1.          Ingkang dipunwastani cariyos pengalaman inggih menika... a.    Pengalaman inggih menika cariyos ngengingi kedadosan ingkang nate dipunalami dening tiyang enem ing wekdal ingkang sampun kepengker. Kedadosan menika tansah dipunenget-enget sanget amargi wigatos utawi aji utawi gadhah kesan. b.    Pengalaman inggih menika cariyos ngengingi kedadosan ingkang badhe dipunalami dening sadhengah tiyang ing wekdal ingkang sampun kepengker. Kedadosan menika tansah dipunenget-enget sanget amargi wigatos utawi aji utawi gadhah kesan. c.    Pengalaman inggih menika cariyos ngengingi kedadosan ingkang dipunangen-angen dening sadhengah tiyang ing wekdal ingkang sampun kepengker. Kedadosan menika tansah dipunenget-enget sanget amargi wigatos utawi aji utawi gadhah kesan. d.    Pengalaman inggih menika cariyos ngengingi kedadosan ingkang nate dipunalami dening tiyang sepuh ing wekdal ingkang sampun kepengker. Kedadosan menika tansah dipunen
Sesorah Nagari Indonesia kadadosan saking maewu-ewu pulo saha maneka warni kabudayan. Kawontenan ingkang mekaten menika njalari tuwuhing tatacara ingkang mawarni-warni. Tatacara mujudaken peranganing warisanipun para leluhur ingkang perlu dipunpepetri sarta dipunlestantunaken. Kanthi nindakaken tatacara kados ingkang dipunlampahi dening para sepuh ing jaman rumiyin ateges sampun tumut ngleluri kabudayaning bangsa. Kanthi punika kapanggalih perlu wontenipun wewaton sawatawis minangka panglimbang saha ancer-ancer amrih lampahing upacara saged tumata sae tuwin rancag. Ing adat sabenipun, masyarakat Jawa ngresaya dhateng tiyang ingkang kaanggep nggadhahi kawasisan ing bab olah basa tuwin sastra supados ndherekaken lampahing upacara ngantos paripurna ingkang asring sinebat panata laksana, paniti laksana, utawi panatacara. Sesorah utawi pidhato limrah sinebat medhar sabda inggih menika nglairaken gagasan, pamanggih, utawi osiking manah sarana lisan ing sangajenging tiyang kathah. Menawi