Skip to main content
Sesorah
Nagari Indonesia kadadosan saking maewu-ewu pulo saha maneka warni kabudayan. Kawontenan ingkang mekaten menika njalari tuwuhing tatacara ingkang mawarni-warni. Tatacara mujudaken peranganing warisanipun para leluhur ingkang perlu dipunpepetri sarta dipunlestantunaken. Kanthi nindakaken tatacara kados ingkang dipunlampahi dening para sepuh ing jaman rumiyin ateges sampun tumut ngleluri kabudayaning bangsa. Kanthi punika kapanggalih perlu wontenipun wewaton sawatawis minangka panglimbang saha ancer-ancer amrih lampahing upacara saged tumata sae tuwin rancag. Ing adat sabenipun, masyarakat Jawa ngresaya dhateng tiyang ingkang kaanggep nggadhahi kawasisan ing bab olah basa tuwin sastra supados ndherekaken lampahing upacara ngantos paripurna ingkang asring sinebat panata laksana, paniti laksana, utawi panatacara.
Sesorah utawi pidhato limrah sinebat medhar sabda inggih menika nglairaken gagasan, pamanggih, utawi osiking manah sarana lisan ing sangajenging tiyang kathah. Menawi mekaten sawenehing tiyang ingkang kapatah dados panata titi laksana utawi paniti laksana menika ugi kalebet ewoning tiyang sesorah, ananging beda jejibahan. Pidhato utawi wicantenan ing sangajengipun tiyang kathah menika boten gampil, pramila kedah dipunsamektakaken sangunipun saha asring dipungladhi utawi dipunlatih. Kanthi mekaten, jinisipun pidhato utawi sesorah saged kabedakaken dados warni sekawan, inggih menika:
1.  Sesorah kanthi cara apalan
Sesorah menika dipunayahi kanthi damel seratan teks pidhato langkung rumiyin lajeng  dipun-apalaken tembung-tembungipun ngantos ukaranipun persis kaliyan teks kala wau. Dados, ayahanipun boten mawi pamanggih-pamanggih enggal amargi sampun kapurba dening teks (cathetan). Adhakanipun, menawi apalanipun wonten ingkang supe, lajeng saged ndadosaken supe sanesipun. Pramila cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.
2.  Sesorah kanthi cara maos naskah utawi teks
Sesorah kanthi maos naskah utawi teks menika juru pamedhar sabda saestu mbekta naskah pidhato lajeng dipunwaos sawetahipun, boten dipun-apalaken. Sesorah kanthi cara menika gadhah ancas supados boten mlenceng saking tujuwan sakawit, boten klentu saha wekdalipun winates.
3.  Sesorah kanthi cara dadakan utawi impromptu
Sesorah cara dadakan menika cara pidhato ingkang boten kanyana-nyana saderengipun. Menawi satunggaling paraga badhe dipun-aturi ngayahi pidhato kanthi dadakan ing sawijining acara mila lajeng dipun-aturi pidhato ngaten kemawon. Mila, piyantun ingkang kapiji kedah ingkang sampun bêkèn lan padatan kersa medhar sabda. Sangunipun cara sesorah dadakan menika kedah trampil ing pamicara saha kathah pengalaman lan seserepan.
4.  Sesorah kanthi cara ekstemporan
Sesorah cara ekstemporan inggih menika juru pamedhar sabda ngasta cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipunngendikakaken. Cathetan wau namung wos-wos utawi garis ageng babagan ingkang badhe dipun-aturaken. Ing salajengipun salebeting sesorah dipunrembakakaken kanthi pamanggih-pamanggih enggal ingkang salaras kaliyan swasana utawi keperluan.
Sesorah, miturut isi lan basanipun, gadhah sipat-sipat: ringkes lan prasaja, basanipun rowa lan rinengga, populer, ilmiah, mligi utawi umum.
Kejawi punika, nalika nindakaken sesorah sawijining paraga kedah anggadhahi sangu utawi syarat:
1.   Patrap utawi sikep
Patrap utawi sikep rikala sesorah kedah nedahaken tata krami utawi trapsila, inggih menika solah bawa utawi tindak-tanduk ingkang prasaja, menapa wontenipun, boten dipundamel-damel. Mimik utawi ewahing pasuryan katingal sumringah anengsemaken amargi swasananipun swasana remen. Ebahing perangan badan ugi kaginakaken kangge nambahi gesanging pangandikan, upaminipun: njlentrehaken kanthi raos semangat makantar-kantar tamtu kemawon astanipun juru pamedhar sabda ngetingalaken raos semangat upaminipun kanthi ngepel asta. Ing upacara pangrukti layon sasaged-saged ngetingalaken raos sedhih utawi ndherek ngraosaken duhkita.
2.   Busana lan ngadi sarira
Nalika nindakaken ayahan sesorah, busananipun lan ngadi sariranipun pamedhar sabda kedah dipunlarasaken kaliyan kawontenan. Menika jumbuh kaliyan paribasan “ajining sarira saking busana”. Liripun, ing salebeting pasamuan sampun ngantos karana busana ingkang boten trep (‘norak’) ndadosaken asor prabawanipun; uger saweg dados punjering kawigatosan tumraping para rawuh.
3.   Basa lan sastra
Basa menika minangka pirantos utawi sarana lelantaran, sesambetan, utawi lung- tinampen kaliyan para tamu ingkang mirengaken. Mila, basanipun boten basa dakik-dakik, ingkang tetembunganipun boten dipunmangertosi ing akathah. Salajengipun, basa ingkang gampil dipuntampi utawi basa komunikatif tuwin trep utawi pas ing panganggenipun kedah migatosaken:
a.    sinten ingkang gineman
b.    sinten ingkang dipunajak gineman
c.    sinten ingkang dipunginemaken
d.    swasana nalikanipun gineman
e.    sami mangertosi ingkang dipunginem.
Dados, kirang trep menawi anggenipun nindakaken sesorah mligi ngginakaken basa apalan, langkung sae mangertosi kabetahan saha swasana nalikanipun saweg pangandikan, saged mulur mungkret ngengeti swasana, wekdal, lan kabetahanipun.

(Kabesut sakingTuntunan Sesorah saha Paniti Laksana dening Drs. Sutardi Atmasandjaja, kanthi ewah-ewahan sawetawis)
Sipat-Sipating Sesorah miturut Ancas utawi Tujuan:
1.    Sesorah pambagyaharja
2.    Sesorah mamitaken jenazah
3.    Sesorah ngarahaken sawijining bab ing pakempalan
4.    Sesorah ngresmekaken (madegipun papan pangibadahan, tetenger, lsp.)
5.    Sesorah pamedhar sabda
6.    Sesorah palapuran (ing pakempalan, organisasi koperasi, lsp.)
Sipat-Sipating Sesorah miturut Isi lan Basa:
1.    Sesorah ringkes lan prasaja
2.    Sesorah rowa lan rinengga
3.    Sesorah popular
4.    Sesorah ilmiah
5.    Sesorah mligi utawi umum
Cengkorongan Medhar Sabda:
1.    Salam pambuka
2.    Atur kasugengan, kairing atur panuwun
3.    Atur puji syukur dhateng Gusti Allah
4.    Wedharing gati utawi wosing medhar sabdha (isining sesorah)
5.    Atur nyuwun pangapunten (tumrap ingkang kagungan karsa)
6.    Panutuping atur/ salam
Tuladha Teks Sesorah:
          Sesorah Perpisahan Saking Wakil Kelas XII
Assalamualaikaum Wr. Wb.
Kawilujengan saha kabagaswarasan mugya tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula.
Ingkang satuhu kinurmatan, Kepala Dinas Pendidikan dan Olah Raga Kabupaten Sleman, Kepala SMA Negeri  11 Sembada, Muspika kecamatan Sembada, Bapak/ibu para rawuh dalasan kanca-kanca ingkang bagya mulya.
Saderengipun sumangga kula dherekaken monjukaken puja-puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan saha rahmat, satemah ing wekdal menika kula panjenengan saged kempal ing papan kalenggahan menika saperlu hangrawuhi adicara wisuda purna siswa saha tutup tahun palajaran 2012/2013 kanthi pinayungan bagas waras nir ing rubeda.
Bapak ibu para rawuh ingkang dahat kinurmatan,
Boten karaos bilih kula sakanca sampun tigang warsa dangunipun ngangsu kawruh wonten ing SMA Negeri 11 Sembada ingkang kinasih menika. Salajengipun ing kalodhangan menika, kepareng kula minangkani sesulihipun kanca-kanca kelas XII badhe ngaturaken tetembungan saking telenging manah, sadangunipun kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing SMA Negeri 11 Sembada menika.
1.   Kula sakanca ngaturaken agunging panuwun kanthi ikhlasing manah dhumateng bapak Kepala sekolah, minangka manggalaning pra Dwija SMA Negeri 1 Sembada, bapak saha ibu dwija dalasan karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang sampun kersa nggula-wenthah kula sakanca kanthi raos sih katresnan, kacihna kanthi panggula-wentah kados ing kawah candradimuka menika kula sakanca saged nglampahi Ujian Nasioanal saha Ujian Sekolah kanthi sae.
2.   Kula sakanca ngaturaken agunging samudra pangaksami dhumateng bapak Kepala Sekolah, bapak ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada mbok bilih sadangunipun kula sakanca dipungula-wenthah ing kawah candradimuka menika kathah kalepatan arupi atur ingkang boten mranani, trapsila ingkang boten tata, lan saweneh kawontenan ingkang boten mantesi, saestu sepisan malih kanthi andhap asoring manah kula sakanca nyuwun lumunturing sih pangaksama.
3.   Kula sakanca ugi nyuwun tambahing donga pangestu saking bapak ibu dwija dalah karyawan saha rayi kula ingkang samenika lenggah wonten ing kelas sedasa saha sewelas. Mugi-mugi kula sakanca saged nglajengaken wonten pawiyatan ingkang langkung inggil malih saha saged nggayuh gegayuhan ingkang dados pangimpen kula sakanca. Amin.
Ing wusana, kanthi tulusing manah kula sakanca namung saged ndherek dedonga mugi-mugi SMA Negeri 11 Sembada langkung misuwur saha dados pawiyatan ingkang migunani dhumateng bebrayan ageng ing tlatah Ngayoyakarta. Amin.
Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur awit saking kiranging seserepan kula ngengingi basa, sastra saha subasita, kula nyuwun sih samudra pangaksami. Nuwun.
Wassalamualaikaum Wr. Wb.
Sesorah  Perpisahan Murid saking Wakil Kelas 1-2
Assalamu’alaikum, wr.wb.
Kawilujengan saha kabagaswarasan mugya tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula.
Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak/Ibu guru ingkang satuhu kinurmatan, kadang kula sepuh kelas tiga ingkang kula tresnani, saha para lenggah ingkang satuhu bagya mulya. Purwakaning atur sumangga tansah ngaturaken puja miwah puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat, sarta hidayahipun dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah ing kalenggahan menika kula lan panjenengan sedaya saged kempal kanthi pinayungan karaharjan lan kabagaswaran.
Kadang kula kelas tiga ingkang kula tresnani, ingkang sekedhap malih badhe nilaraken bangkuning pawiyatan SMA Negeri 11 Sembada punika. Saestunipun awrat, kula minangka wakilipun kelas setunggal saha kelas kalih ngaturaken panampi atur pepisahan saking kadang kelas tiga, awit para kadang kelas tiga sampun kula anggep sadherek piyambak ingkang sapunika badhe nilaraken pawiyatan ingkang kula panjenengan tresnani. Nanging kados pundi malih, kados ingkang sampun dipun-ngendikakaken wakil kadang kelas tiga, bilih wonten pepanggihan tamtu badhe wonten pepisahan. Jer kula panjenengan sami namung manungsa limrah boten kuwawi nyelaki pepesthening Gusti ingkang Maha Agung.
Kadang kula kelas tiga ingkang satuhu kinurmatan,
Kula minangka wakil saking kelas kalih saha kelas satunggal ngaturaken agunging panuwun dene para kadang kelas tiga sampun ikhlas paring pitedah saha bimbingan ingkang ageng paedahipun. Kula boten saged atur lelintu punapa-punapa, kejawi namung atur puja-pudyastuti wonten ngarsaning pangeran mugi sadaya amal kasaenan panjenengan pikantuk lelintu ingkang murwat saking Gusti ingkang Maha Agung. Ugi  kula namung saged memuji, mugya ingkang anggadhahi penggalih nglajengaken wonten ing pawiyatan sageda katampi, lan ingkang badhe langsung nyambut damel sageda tumunten pikantuk padamelan ingkang trep kaliyan ilmu ingkang sampun kaudi wonten ing bangkuning pawiyatan punika.
Para lenggah ingkang kinurmatan,
Cekap samanten atur panampi pamitan punika, menawi wonten kiranging atur kaladuking wicanten, kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.


Akhirul kalam, Wassalamu’alaikum wr.wb.    
(kapethik saking mapinten-pinten sumber kanthi ewah-ewahan sawetawis)

Comments

Popular posts from this blog

KUMBAKARNA Raden Kumbakarna iku sawijining raseksa kang nduwé watek satriya, jujur, seneng marang bebener, lan panggah mbélani negarané. Raden Kumbakarna mapan anèng Kasatriyan Panglebur Gangsa. Nalika Dasamuka mbrontak kahyangan lan para dewa ora kuwawa ngadhepi serangan mau, Kumbakarna oleh jodho widadari Dewi Kiswani lan peputra kembar wujud raseksa aran Kumba Kinumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diserang déning bala kethèk sekutuné Sri Rama, Kumbakarna matur marang Dasamuka supaya Sinta dibalèkaké marang Rama, sebab perkara mau bisa ndadèkaké Alengka rubuh. Krungu aturé Kumbakarna, Dasamuka banjur duka lan prasapa bakal mbelani Sinta nganti tekaning pati. Kumbakarna ditundhung lunga saka Alengka. Kumbakarna banjur tapa turu, ora pengin weruh negara Alengka lemah klairané rubuh merga perkara wanita. Nalika perang gedhèn kedadèn, Dasamuka ngutus Indrajit supaya nggugah tapané Kumbakarna lan njaluk supaya Kumbakarna dadi senopati perang mungsuh Sri Rama. Indrajit kasil ngguga

Tembang Macapat

3.3.   Memahami ajaran moral dan menganalisis struktur tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.1 Menjelaskan hakikat Tembang Macapat 3.3.2  Mengidentifikasi kata-kata sukar di dalam Tembang Macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.3  Mendeskripsikan struktur teks tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.4  Mendeskripsikan ajaran moral tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.5  Menjelaskan kaidah kebahasaan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.1  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.2  Menanggapi penampilan teman Tembang Macapat A. Jinising Tembang Macapat Tembang macapat uga sinebut puisi tradhisional  jinisi lan perangane  dadi telung perangan gedhe : b)       Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik) Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula. b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhag
Wayang Wayang menika  gadhah  teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung  Ayang-ayang  minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang menika cekakaan saking tembung “ WA yahe sembah YANG ” ingkang tegesipun wayanipun Sholat. Sanesipun nyebataken bilih wayang menika cekakan saking tembung “ WA HANANE   H YANG ” Tembung  Wahana  tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung  Hyang  tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad. Babon carios wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih menika saking carios Ramayana saha Mahabharata. Cariso Ramayana ingkang basa sankretanipun  Rāmâyaṇa  saking tembung  Rāma  dalah  Ayaṇa  ingkang tegesipun Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening  Walmiki  (Valmiki) utawi Balmiki. Dene carios Mahabharata ingkang dipunanggit dening Begawan  Byasa  atau Vyasa, carios menika wosipun ngengingi Pandawa saha Kurawa ingkang rebatan Negara Astina. Ananging carios Ramayana s