Skip to main content
SOAL REMEDY KD 5 & KD 6, BAHASA JAWA KELAS X
1.         Ingkang dipunwastani cariyos pengalaman inggih menika...
a.   Pengalaman inggih menika cariyos ngengingi kedadosan ingkang nate dipunalami dening tiyang enem ing wekdal ingkang sampun kepengker. Kedadosan menika tansah dipunenget-enget sanget amargi wigatos utawi aji utawi gadhah kesan.
b.   Pengalaman inggih menika cariyos ngengingi kedadosan ingkang badhe dipunalami dening sadhengah tiyang ing wekdal ingkang sampun kepengker. Kedadosan menika tansah dipunenget-enget sanget amargi wigatos utawi aji utawi gadhah kesan.
c.   Pengalaman inggih menika cariyos ngengingi kedadosan ingkang dipunangen-angen dening sadhengah tiyang ing wekdal ingkang sampun kepengker. Kedadosan menika tansah dipunenget-enget sanget amargi wigatos utawi aji utawi gadhah kesan.
d.   Pengalaman inggih menika cariyos ngengingi kedadosan ingkang nate dipunalami dening tiyang sepuh ing wekdal ingkang sampun kepengker. Kedadosan menika tansah dipunenget-enget sanget amargi wigatos utawi aji utawi gadhah kesan.
e.   Pengalaman inggih menika cariyos ngengingi kedadosan ingkang nate dipunalami dening sadhengah tiyang ing wekdal ingkang sampun kepengker. Kedadosan menika tansah dipunenget-enget sanget amargi wigatos utawi aji utawi gadhah kesan
Kagatosna cariyos pengalaman ing ngandhap menika!Sudah Kinclong.....!!!MOS SMA-ku pancen abot.OSIS –e rada rewel.Yen ana kang ora trep kalawan apa kang kang dikarepake banjur diukum.Sawise upacara siswa anyar banjur mlebu kelas.OSIS nuli ngetutake lan wiwit ngabsen mbaka siji kanggo mesthekake yen ora ana siswa anyar kang kleru kelas.Saben kelas disandhing OSIS loro.Kelasku dicekel OSIS aran Dadi lan Dedi ( dening kanca-kancane diparabi Kinclong).Nalika ngabsen siswa anyar kang aran Simping.Dedi ngguyu,pikire jeneng kok aneh.Mesthi wae Simping nesu.Dhasar bocahe kendel.”Ngapa kok nggeguyu jenengku?Emange lucu?”Dedi kang isih ngguyu lagi sadhar yen polahe mau ora dadi atine Simping.Aku sakanca padha mlongo.Genea Simping kok wani ngelikake OSIS,”Ora wedi yen diukum pa?”pikirku sakanca.Sawise rampung,aku sakanca dikon resik-resik kelas.OSIS padha ngomandhani.Sawise rampung,aku sakanca banjur mlebu.Dedi takon,”Sudah bersih adhik-adhik?”Sudah,Kak.Sudah kinclong!”Simping nyauri karo ngadeg,niru iklan ing TV.Karuwan kabeh padha ngguyu cekakakan.Kanca-kancane Dedi kang lungguh-lungguh ing dingklik ngarep kelasku padha ngguyu cekakakan genti Dedi sing kisinan,apa maneh kanca-kanca dikon leren anggone ngguyu ning tetep ngeyel.Satu sama ya mas?

Arum Sutarsih – Majalah “Djaka Lodang”
2.         Jenis cariyos pengalaman ing nginggil menika inggih menika cariyos pengalaman ingkang....
a.   Nguciwani
b.   Medeni
c.   Aneh
d.   Ngremenaken
e.   Lucu
3.         Tembung nyauri ing nginggil menika saged dipunsulihi tembung..
a.   Ngandhani
b.   Mangsuli
c.   Nuhoni
d.   Marani
e.   Ngundang
4.         Paraga utama saking cariyos pengalaman ing nginggil menika inggih menika....
a.   OSIS saha Simping
b.   Dedi saha Simping
c.   Senior saha Junior
d.   Lare SMA saha anggota OSIS
e.   Anggota OSIS saha Simping
5.          Piwulang ingkang saged dipunpikantuk saking cariyos pengalaman ing nginggil menika inggih menika...
a.   Kedah ngurmati namanipun tiyang sanes sanajan kados menapa
b.   Kedah ngurmati senior ing sekolahan mliginipun OSIS
c.   Dados siswa baru sampun ngantos celelekan
d.   Kedah ngurmati dhumateng ingkang langkung senior
e.   Kedah sregep resik-resik kelas sanajan siswa enggal
6.         Basa ingkang dipunginakaken ing ssalebetipun cariyos pengalaman ing nginggil menika inggih menika...
a.   Ngoko
b.   Krama
c.   Krama inggil
d.   Ngoko alus
e.   Ngoko lugu
7.         Geguritan menika asalipun saking tembung gurit ingkang tegesipun...
a.   Wacan
b.   Tulisan
c.   Seni
d.   Ciptaan
e.   Ungelan
8.         Ingkang dipunwastani geguritan inggih menika...
a.     Geguritan (puisi bebas) inggih menika salah satunggaling puisi Jawa gagrag anyar minangka asil kabudayan Jawi modhern ingkang boten gumathok kaliyan paugeran tartamtu kadosdene tembang.
b.     Geguritan (puisi bebas) inggih menika salah satunggaling puisi Jawa gagrag lami minangka asil kabudayan Jawi kuna ingkang boten gumathok kaliyan paugeran tartamtu kadosdene tembang
c.     Geguritan (puisi baken) inggih menika salah satunggaling puisi Jawa gagrag anyar minangka asil kabudayan Jawi kuna ingkang boten gumathok kaliyan paugeran tartamtu kadosdene tembang
d.     Geguritan (puisi bebas) inggih menika salah satunggaling puisi Jawa gagrag anyar minangka asil kabudayan Jawi kuna ingkang gumathok kaliyan paugeran tartamtu kadosdene tembang
e.     Geguritan (puisi bebas) inggih menika salah satunggaling puisi Jawa gagrag anyar minangka asil kabudayan Jawi modhern ingkang gumathok kaliyan paugeran tartamtu kadosdene tembang
9.         Unsur-unsur ingkang kedah dipungatosaken nalika maca geguritan inggih menika...
a.     wicara, wirama, wirasa, wiraga
b.     wicara, wirama, waskitha, wiraga
c.     wastra, wirama, wirasa, wiraga
d.     wicara, wirama, watek, wiraga
e.     wicara, wirama, wirasa, wacana
10.      Ing ngandhap menika ingkang gegayutan kaliyan unsur wicara menawi maca geguritan inggih menika...
a.    Pocapan cetha, leres, jelas, tegas, boten bindheng, boten blero
b.    Ekspresi /patrap (sikep, obahipun badan, lan pasemon (rai)
c.    Ngraosaken salebeting manah ing geguritan (susah, semangat, nelangsa)
d.   Alon cepetipun maragakaken, kedah tegas makantar-kantar
e.    Minggah mandhapipun swanten, lirih saha seronipun swanten (irama)
11.      Ing ngandhap menika ingkang gegayutan kaliyan unsur wiraga menawi maca geguritan inggih menika...
a.     Pocapan cetha, leres, jelas, tegas, boten bindheng, boten blero
b.     Ekspresi /patrap (sikep, obahipun badan, lan pasemon (rai)
c.     Ngraosaken salebeting manah ing geguritan (susah, semangat, nelangsa)
d.     Alon cepetipun maragakaken, kedah tegas makantar-kantar
e.     Minggah mandhapipun swanten, lirih saha seronipun swanten (irama)
12.      Ing ngandhap menika ingkang gegayutan kaliyan unsur wirasa menawi maca geguritan inggih menika...
a.     Pocapan cetha, leres, jelas, tegas, boten bindheng, boten blero
b.     Ekspresi /patrap (sikep, obahipun badan, lan pasemon (rai)
c.      Ngraosaken salebeting manah ing geguritan (susah, semangat, nelangsa)
d.     Alon cepetipun maragakaken, kedah tegas makantar-kantar
e.     Minggah mandhapipun swanten, lirih saha seronipun swanten (irama)
13.      Ing ngandhap menika ingkang gegayutan kaliyan unsur wirama menawi maca geguritan inggih menika...
a.     Pocapan cetha, leres, jelas, tegas, boten bindheng, boten blero
b.     Ekspresi /patrap (sikep, obahipun badan, lan pasemon (rai)
c.     Ngraosaken salebeting manah ing geguritan (susah, semangat, nelangsa)
d.     Alon cepetipun maragakaken, kedah tegas makantar-kantar
e.     Minggah mandhapipun swanten, lirih saha seronipun swanten
14.      Ing ngandhap menika urutan cara nulis geguritan ingkang leres ing antawisipun inggih menika...
a.     (1) nemokakegagasan/idhe; (2) nyelarasakenantaranewujudlanisinegeguritan; (3) mujudakegeguritan sing cethaancase (duduguritan sing jelaskekarepane) lumantarceplesiganggonembabar; (4) ngatonakedayanepribadhipengguritlanbisanuduhakeaslireriptane; (5) bisanuduhake yen riptaneikuunik (bedakaroliyane); (6) bisanjembarakewawasane sing padhamacatumrapgumelaringuripingmadyaningjagad.
b.     (1) nemokakegagasan/idhe; (2) mujudakegeguritan sing cethaancase (duduguritan sing jelaskekarepane) lumantarceplesiganggonembabar; (3) ngatonakedayanepribadhipengguritlanbisanuduhakeaslireriptane; (4) nyelarasakenantaranewujudlanisinegeguritan; (5) bisanuduhake yen riptaneikuunik (bedakaroliyane); (6) bias njembarakewawasane sing padhamacatumrapgumelaringuripingmadyaningjagad.
c.     (1)bisanuduhake yen riptaneikuunik (bedakaroliyane); (2) nemokakegagasan/idhe; (3) nyelarasakenantaranewujudlanisinegeguritan; (4) mujudakegeguritan sing cethaancase (duduguritan sing jelaskekarepane) lumantarceplesiganggonembabar; (5) ngatonakedayanepribadhipengguritsanajan dudu aslireriptane; (6) bisanjembarakewawasane sing padhamacatumrapgumelaringuripingmadyaningjagad.
d.     (1) nemokakegagasan/idhe; (2) nyelarasakenantaranewujudlanisinegeguritan; (3) mujudakegeguritan sing cethaancase (duduguritan sing jelaskekarepane) lumantarceplesiganggonembabar; (4) ngatonakedayanegeguritan kang aneh; (5) bisanuduhake yen riptaneikuunik (bedakaroliyane); (6) bisanjembarakewawasane sing padhamacatumrapgumelaringuripingmadyaningjagad.
e.     (1) nyelarasakenantaranewujudlanisinegeguritan;(2) nemokakegagasan/idhe (3) mujudakegeguritan sing mencla-mencle; (4) ngatonakedayanepribadhipengguritlanbisanuduhakeaslireriptane; (5) bisanuduhake yen riptaneikuunik (bedakaroliyane); (6) bias njembarakewawasane sing padhamacatumrapgumelaringuripingmadyaningjagad.
Kagatosna geguritan ing ngandhap menika!Laku UtamaAnggitane: Wisnoe WardhanaLakuning urip para satriya
laku yeku tata cara
tata mamrih tumatane jagad
cara murih gangsaring panindak
tumuju ing karahayon
ayuning tri buwana
lestarining kamulyan jati

Urip teges makarti
kanthi pakarti kang pakoleh
lelambaran budi luhur
kalakon lumaku mulus
rawe-rawe rantas
malang-malang putung
sagung pepalang ing marga
satriya hambengkas karya
nora mindhon gaweni

Satriya rembesing madu
solah bawa manis titis
tedhaking  amaratapa
suci nora kaworan rereged
turasing andana warih
sung pepadhang myang pamudharan

Laku utama nora biyen saiki
lakuning jalma linuwih
kaluwiha tapa brata
kalebu ing jagad rame
ing ngendi ana, ana perbawa
sunaring kabecikan
aruming kaendahan
tumanduk samaning gesang
rumesep ing balung sungsum
resep idhep-idhep mantep
15.      Tegesipun tembung satriya inggih menika....
a.     Wong bener
b.     Wong luhur
c.     Wong pengalaman
d.     Wong penting
e.     Wong jujur
16.      Tegesipun tembung mamrih inggih menika...
a.     Supaya
b.     Dadi
c.     Nyipta
d.     Gawe
e.     Aturan
17.      Tegesipun tembung karahayon inggih menika...
a.     Kaslametan
b.     Kaluputan
c.     Kadigdayan
d.     Kemenangan
e.     Kacilakan
18.      Tegesipun tembung tribuwana inggih menika...
a.     Swarga
b.     Widadari
c.     Dewi
d.     Jiwa
e.     Jagad
19.      Tegesipun tembung makarti    inggih menika...
a.     Sinau gawean
b.     Nyambut damel
c.     Tumindak becik
d.     Gawe urip
e.     Tumindak sapenake
20.      Wosipun geguritan ing nginggil menika inggih menika...
a.     Tiyang ingkang gadhah watak satriya menika tansah tumindak kanthi laku utama
b.     Dados satriya menika kedah rumasuk ing balung sumsum, malang-malang putung
c.     Kabeh tumindak kalakon kanthi arum lan malang-malang putung
d.     Rawe-rawe rantas, malang-malang putung iku ora wajib tumrap satriya
e.     Ayuning bawana iku amarga akeh satriya kang tanpa pepalang

Comments

Popular posts from this blog

KUMBAKARNA Raden Kumbakarna iku sawijining raseksa kang nduwé watek satriya, jujur, seneng marang bebener, lan panggah mbélani negarané. Raden Kumbakarna mapan anèng Kasatriyan Panglebur Gangsa. Nalika Dasamuka mbrontak kahyangan lan para dewa ora kuwawa ngadhepi serangan mau, Kumbakarna oleh jodho widadari Dewi Kiswani lan peputra kembar wujud raseksa aran Kumba Kinumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diserang déning bala kethèk sekutuné Sri Rama, Kumbakarna matur marang Dasamuka supaya Sinta dibalèkaké marang Rama, sebab perkara mau bisa ndadèkaké Alengka rubuh. Krungu aturé Kumbakarna, Dasamuka banjur duka lan prasapa bakal mbelani Sinta nganti tekaning pati. Kumbakarna ditundhung lunga saka Alengka. Kumbakarna banjur tapa turu, ora pengin weruh negara Alengka lemah klairané rubuh merga perkara wanita. Nalika perang gedhèn kedadèn, Dasamuka ngutus Indrajit supaya nggugah tapané Kumbakarna lan njaluk supaya Kumbakarna dadi senopati perang mungsuh Sri Rama. Indrajit kasil ngguga

Tembang Macapat

3.3.   Memahami ajaran moral dan menganalisis struktur tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.1 Menjelaskan hakikat Tembang Macapat 3.3.2  Mengidentifikasi kata-kata sukar di dalam Tembang Macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.3  Mendeskripsikan struktur teks tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.4  Mendeskripsikan ajaran moral tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.5  Menjelaskan kaidah kebahasaan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.1  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.2  Menanggapi penampilan teman Tembang Macapat A. Jinising Tembang Macapat Tembang macapat uga sinebut puisi tradhisional  jinisi lan perangane  dadi telung perangan gedhe : b)       Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik) Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula. b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhag
Wayang Wayang menika  gadhah  teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung  Ayang-ayang  minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang menika cekakaan saking tembung “ WA yahe sembah YANG ” ingkang tegesipun wayanipun Sholat. Sanesipun nyebataken bilih wayang menika cekakan saking tembung “ WA HANANE   H YANG ” Tembung  Wahana  tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung  Hyang  tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad. Babon carios wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih menika saking carios Ramayana saha Mahabharata. Cariso Ramayana ingkang basa sankretanipun  Rāmâyaṇa  saking tembung  Rāma  dalah  Ayaṇa  ingkang tegesipun Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening  Walmiki  (Valmiki) utawi Balmiki. Dene carios Mahabharata ingkang dipunanggit dening Begawan  Byasa  atau Vyasa, carios menika wosipun ngengingi Pandawa saha Kurawa ingkang rebatan Negara Astina. Ananging carios Ramayana s