Skip to main content

Posts

Showing posts from October, 2018

TUGAS MATERI PAWARTA BASA JAWA

Tulisen tugas ing ngandhap menika wonten ing buku tulis pelajaran Basa Jawa panjenengan, lajeng dipungarap, dipunkempalaken! Wangsulana soal-soal ing ngandha p menika kanthi cetha saha ngginakaken tata basa Jawa ingkang leres! Kagatosna wacana p awartos basa Jawa ing ngandha p menika kanthi p ermati! Warga Kelurahan Brontokusuman, Ngayogyakarta, dinten Minggu (21/9) sonten nggelar pesta rakyat Merti Tumpeng Robyong Dewa Bronto ing bantaran Lepen Code, sangandhap Kreteg Tungkak. Lampahing upacara kapurwakan dhahar tumpeng sesarengan kalajengaken Upacara Raja Nungsang. Kridha punika ajeg dipungelar saben tanggal 21 September. Lampahing upacara kapurwakan dhahar tumpeng sesarengan. Ing kalodhangan punika dipuncawisaken 12 tumpeng alit lan 2 tumpeng ageng jangkep lawuhan lan woh-wohan. Tumpeng robyong dados pralambang guyub rukun sarta minangka pratelan raos syukur warga dhumateng Gusti Ingkang Hakarya Jagat.  Sasampunipun dhahar kembul dipungelar Sendratari Prawira lan Upacara

MATERI PAWARTA BASA JAWA

Warta mula bukane saking basa Sansekerta inggih menika: -Vrit ingkang ateges “ana” utawa “dumadi” -Vritta ingkang ateges “kedaden” utawa “kang uwis kedaden” -Vritta  ingkang ateges “berita utawa warta” (Bhs Indonesia) Wacana inggih menika seratan ingkang ngem o t satunggal pokok pikiran ingkang gadhah tema tartamtu. Mliginipun wacana menika kasusun saking paragra f ingkang satunggal lan sanesipun gadhah koherensi. Dene pawartos menika seratan ingkang ancasipun paring informasi dhateng para maos. Pawartos menika saged awujud seratan utawi lisan. Pawartos ingkang awujud seratan menika kadosta koran saha kalawarti. Wondene tuladhanipun pawartos lisan inggih menika kadosta pawartos ingkang wonten ing siaran televisi utawi radio. Wondene pawartos lisan menika kedah ngangge wicara saha wirama ingkang trep. Wicaranipun menika kedah cetha, wiramanipun kedah leres saingga ingkang mirengaken menika saged mangertosi menapa ingkang dipunandharaken. Pawartos ingkang awujud s