Skip to main content

TUGAS MATERI PAWARTA BASA JAWA

Tulisen tugas ing ngandhap menika wonten ing buku tulis pelajaran Basa Jawa panjenengan, lajeng dipungarap, dipunkempalaken!
Wangsulana soal-soal ing ngandhap menika kanthi cetha saha ngginakaken tata basa Jawa ingkang leres!
Kagatosna wacana pawartos basa Jawa ing ngandhap menika kanthi permati!
Warga Kelurahan Brontokusuman, Ngayogyakarta, dinten Minggu (21/9) sonten nggelar pesta rakyat Merti Tumpeng Robyong Dewa Bronto ing bantaran Lepen Code, sangandhap Kreteg Tungkak. Lampahing upacara kapurwakan dhahar tumpeng sesarengan kalajengaken Upacara Raja Nungsang.
Kridha punika ajeg dipungelar saben tanggal 21 September. Lampahing upacara kapurwakan dhahar tumpeng sesarengan. Ing kalodhangan punika dipuncawisaken 12 tumpeng alit lan 2 tumpeng ageng jangkep lawuhan lan woh-wohan. Tumpeng robyong dados pralambang guyub rukun sarta minangka pratelan raos syukur warga dhumateng Gusti Ingkang Hakarya Jagat.  Sasampunipun dhahar kembul dipungelar Sendratari Prawira lan Upacara Raja Nungsang, kawiwitan kidung tolak bala. Raja Nungsang inggih lampah upacara dening rombongan bergada ingkang ngusung raja ngangge tandhu, nungsang ilining Lepen Code. Dhateng sangajengipun sang nata, para sesepuh kampung dedonga lan nyawuraken  sekar.
Lampahing kridha kalajengaken kirab bregada ingkang ngarak kalih gunungan, gunungan sayuran pisumbang saking Peken Prawirotaman, sarta gunungan tela pisumbang saking Peken Tela Karangkajen. Kirab bidhal saking Kreteg Tungkak, langkung Jalan Kolonel Sugiono, Jalan Parangtriris, Jalan Menukan, Jalan Sisingamangaraja tumuju Kecamatan Mergangsan. Sasampunipun dumugi kecamatan gunungan dipunrayah dening warga.
Kapethik saking www.jogjatv kanthi ewah-ewahan sawetawis
1.     Sinten ingkang ngawontenaken pesta rakyat Merti Tumpeng Robyong Dewa Bronto?
2.     Wonten ing pundi acara pesta rakyat Merti Tumpeng Robyong Dewa Bronto menika dipunwontenaken?
3.     Kapan acara pesta rakyat Merti Tumpeng Robyong Dewa Bronto menika dipunwontenaken?
4.     Menapa ancasipun dipunwontenaken acara pesta rakyat Merti Tumpeng Robyong Dewa Bronto menika?
5.     Kadospundi urut rantaman acara pesta rakyat Merti Tumpeng Robyong Dewa Bronto menika?
6.     Menapa tegesipun tembung bregada ingkang wonten ing salebetipun wacana pawartos ing nginggil menika?
7.     Kaandharna menapa wosipun pawartos ingkang wonten ing nginggil menika!
8.     Kasebatna piwulang menapa ingkang saged dipunpendhet saking pawartos ing nginggil menika! (kasebatna 2)
9.     Wacana ing nginggil menika kalebet wacana pawarta basa Jawa ingkang leres, katitik saking unsur 5W saha 1H. Cobi kaandharna menapa kemawon ingkang dipunwastani unsur 5W saha 1H menika!
10.  Tiyang ingkang macakaken pawarta menika kedah nggatosaken mapinten-pinten perkawis. Cobi kasebatna 4 unsur ingkang kedah dipungatosaken dening presenter pawarta ing televisi!


Comments

Post a Comment

Popular posts from this blog

KUMBAKARNA Raden Kumbakarna iku sawijining raseksa kang nduwé watek satriya, jujur, seneng marang bebener, lan panggah mbélani negarané. Raden Kumbakarna mapan anèng Kasatriyan Panglebur Gangsa. Nalika Dasamuka mbrontak kahyangan lan para dewa ora kuwawa ngadhepi serangan mau, Kumbakarna oleh jodho widadari Dewi Kiswani lan peputra kembar wujud raseksa aran Kumba Kinumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diserang déning bala kethèk sekutuné Sri Rama, Kumbakarna matur marang Dasamuka supaya Sinta dibalèkaké marang Rama, sebab perkara mau bisa ndadèkaké Alengka rubuh. Krungu aturé Kumbakarna, Dasamuka banjur duka lan prasapa bakal mbelani Sinta nganti tekaning pati. Kumbakarna ditundhung lunga saka Alengka. Kumbakarna banjur tapa turu, ora pengin weruh negara Alengka lemah klairané rubuh merga perkara wanita. Nalika perang gedhèn kedadèn, Dasamuka ngutus Indrajit supaya nggugah tapané Kumbakarna lan njaluk supaya Kumbakarna dadi senopati perang mungsuh Sri Rama. Indrajit kasil ngguga

Tembang Macapat

3.3.   Memahami ajaran moral dan menganalisis struktur tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.1 Menjelaskan hakikat Tembang Macapat 3.3.2  Mengidentifikasi kata-kata sukar di dalam Tembang Macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.3  Mendeskripsikan struktur teks tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.4  Mendeskripsikan ajaran moral tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.5  Menjelaskan kaidah kebahasaan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.1  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.2  Menanggapi penampilan teman Tembang Macapat A. Jinising Tembang Macapat Tembang macapat uga sinebut puisi tradhisional  jinisi lan perangane  dadi telung perangan gedhe : b)       Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik) Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula. b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhag
Wayang Wayang menika  gadhah  teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung  Ayang-ayang  minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang menika cekakaan saking tembung “ WA yahe sembah YANG ” ingkang tegesipun wayanipun Sholat. Sanesipun nyebataken bilih wayang menika cekakan saking tembung “ WA HANANE   H YANG ” Tembung  Wahana  tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung  Hyang  tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad. Babon carios wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih menika saking carios Ramayana saha Mahabharata. Cariso Ramayana ingkang basa sankretanipun  Rāmâyaṇa  saking tembung  Rāma  dalah  Ayaṇa  ingkang tegesipun Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening  Walmiki  (Valmiki) utawi Balmiki. Dene carios Mahabharata ingkang dipunanggit dening Begawan  Byasa  atau Vyasa, carios menika wosipun ngengingi Pandawa saha Kurawa ingkang rebatan Negara Astina. Ananging carios Ramayana s