Skip to main content

MATERI PAWARTA BASA JAWA

Warta mula bukane saking basa Sansekerta inggih menika:
-Vrit ingkang ateges “ana” utawa “dumadi”
-Vritta ingkang ateges “kedaden” utawa “kang uwis kedaden”

-Vritta  ingkang ateges “berita utawa warta” (Bhs Indonesia)

Wacana inggih menika seratan ingkang ngemot satunggal pokok pikiran ingkang gadhah tema tartamtu. Mliginipun wacana menika kasusun saking paragraf ingkang satunggal lan sanesipun gadhah koherensi. Dene pawartos menika seratan ingkang ancasipun paring informasi dhateng para maos. Pawartos menika saged awujud seratan utawi lisan. Pawartos ingkang awujud seratan menika kadosta koran saha kalawarti. Wondene tuladhanipun pawartos lisan inggih menika kadosta pawartos ingkang wonten ing siaran televisi utawi radio.
Wondene pawartos lisan menika kedah ngangge wicara saha wirama ingkang trep. Wicaranipun menika kedah cetha, wiramanipun kedah leres saingga ingkang mirengaken menika saged mangertosi menapa ingkang dipunandharaken.
Pawartos ingkang awujud seratan saha lisan menika kedah ngewrat 5W+1H (what, where, when, who, why, how).
1.    Sinten/ sapa (who): tiyang ingkang dados paraga wonten ing pawartos ingkang dipunandharaken.
2.    Menapa/ apa (what): kedadeyan/ kedadosan menapa ingkang lumampah wonten ing salebetipun pawartos
3.    Wekdalipun kapan (when): wekdalipun lelampahan menika kadadosan
4.    Wonten pundi/ ing ngendi (where): wonten pundi papan lelampahan menika kadadosan
5.    Kenging menapa/ ngapa (why): menapa bab-bab ingkang ndadosaken lelampahan menika (sebab).
6.    Kados pundi/ piye (how): kados menapa urut-urutanipun lelampahan menika kadadosan.
A.     Teknik Maos Pawartos
Maos pawartos kalebet jinis maos (membaca nyaring)
Pamaos pawartos kedah migatosaken lafal, intonasi, kedaling lathi, tatapan paningal, lan unggah-ungguh ingkang leres.
a.    Lafal (wicara)
Lafal inggih menika caranipun tiyang ngedalaken suwanten basa.
Saderengipun ngedalaken tembung-tembung asing, pamaos pawartos kedah mbikak kamus kangge mangertosi caranipun ngedalaken suwanten saha mangertos bab maknanipun. Maos kanthi intonasi ingkang trep sarta lafal ingkang jelas. Anggenipun maos kanthi teteh/fasih, titi,teliti saben tembung, frase, klausa, saha jeda. Menawi munggel ukara kanthi trep boten badhe nyebabaken lepat tafsir.
b.    Intonasi(wirama)
Intonasi inggih menika andhap inggilipun lagu ukara ingkang nyebabaken beda makna.
c.    Kedal kanthi teteh(wicara)
Sesambetan kaliyan volume swanten saha rindhik cepetipun (wicara). Maos teks pawartos kedah migunakaken suwanten gandem lan cetha.
d.    Tatapan mata/ ekspresi (wiraga)
Saged ngraketaken komunikasi kaliyan pamirsa. Kedah konsentrasi nanging luwes. Menawi kasorot kamera kedah fokus mriksani kamera.
e.    Solah Bawa (wiraga)
Kedah sopan santun saha sikep merbawani. Menawi maos kanthi lenggah utawi jumeneng kedah tegak saha mriksani lurus ing ngajeng.
f.     Artikulasi(wicara)
Artikulasi mliginipun a,i,u,e,o,c,k,r,s,t,th,d,dh kedah jelas saha  kanthi paugeran EYD.
g.    Volume (wirama)
Maos kanthi sora utawi rindhik gumantung wiyar ruwangan saha microfon.
h.    Tekanan Tembung (wirama)
Menawi maosaken pawartos ingkang wonten tembung basa asing (Belanda,Inggris,Arab lan sapanunggilipun) kedah nyetitekaken bab tekanan maosipun.
i.      Tempo(wirama)
Maos kanthi cepet utawi alon dipuntrepaken kaliyan teks-ipun.
B.     Ingkang kalebet ciri-ciri ingkang kedah dipungatosaken nalika maosaken teks pawartos Basa Jawi ing televisi inggih menika:
a.    Intonasi caraning ngendika kadosta inggil andhaping suwanten.
b.    Dinamikaning pangandikan
c.    Ngetrepaken busana lan rias
d.    Mangertosi isinipun teks pawartos
e.    Artikulasi kapireng cetha
f.     Pelafalan A,I,U,E,O,T,TH,D,DH,C,J,R
g.    Jeda utawi punggelaning ukara
h.    Tempo utawi cepet alon swanten
i.      Swanten kapireng leng
j.      Boten ngginakaken dhialek ingkang boten trep
k.    Eye contact paningal kedah ketingal gesang
l.      Pasuryan boten rongeh ananging ketingal merbawani
m.  Solah bawa saha tindak-tanduk ingkang trapsila
n.    Gadhah mental,kapitadosan dhiri pribadi ingkang tatag,tegen boten wigah-wigih.
C.     Tuladha Teks Pawartos
(Salam Pambuka)
Assalamualaikum Wr.Wb
Sugeng enjing
(Pambuka)
Para Pamirsa pepanggihan malih wonten ing pawartos basa Jawi
Kawaosaken dening dening Roro Sunyi
Keris
(Isi Pawartos)
Keris,duwung utawi curiga saged ampuh boten namung amargi dipundamel saking unsuripun wesi waja,nikel kadangkala dipuncampur unsuripun sela meteorid ingkang dhawah saking angkasa, nanging ugi cara damelipun dipunkantheni, lampah tirakat dening Empu ingkang damel keris kanthi panyuwunan tartamtu dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Saingga keris gadhah kekiyatan magic ingkang saged ngedalaken pangaribawa supados mengsah ajrih lajeng nungkul. Keris ingkang dipunagem minangka rerenggan jangkepipun ageman temanten kakung khas Jawa. Keris kalawau rinengga kanthi sekar sinebat “Kolong Keris” gadhah makna supados tiyang sampun ngantos gadhah watek brangasan,sesongaran,sewenang-wenang,kumalungkung utawi adigang, adigung, adiguna.
Para Pamirsa,sutresna budaya.
(Isi Pawartos)
Wonten cariyos nalika Harya Penangsang kanthi ngasta keris nama keris Kyai Setan Kober mengsah Danang Sutawijaya kanthi Tombak Kyai Plered. Padharan Harya Penangsang kenging Tombak Kyai Plered saingga ususipun mbrodhol medal saking padharanipun. Lajeng Harya Penangsang ngalungaken ususipun ing pendhok kerisipun, nanging ketiwasan amargi boten saged ngendhaleni raos muntab, kepengin males tumindakipun Sutawijaya, saingga Harya Penangsang kesupen ndudut kerisipun kesupen menawi kalawau sampun dipunkalungi usus. Harya Penangsang gugur dening pusakanipun piyambak,amargi ususipun pedhot kepronggol kerisipun.Cariyos punika andadosaken pepiling bilih tiyang punika kedah sareh,eling,waspada, boten grusa-grusu.

(Panutup)
Para Pamirsa,
Sinartan purnaning waosan teks pawartos basa Jawi mugia tetep manunggal wonten ing Radio Teladan FM.10 kanthi sesarengan mirengaken acara salajengipun inggih menika ”Giyaran Kethoprak Mataram.”Sugeng midhangetaken sarta nuwun
(Salam Panutup)
Sugeng Enjing
Wassalamualaikum Wr.Wb.
D.     Tuladha Analisis Pawartos
Krupuk Abang Putih
Ing taun 70-an, krupuk pohung, ingkang namanipun  krupuk abang putih,  mujudaken nyamikan ingkang mirunggan. Sinaosa bahan bakunipun glepung tapioca lan cara ngolahipun prasaja, ananging krupuk punika, sakelangkung miraos, boten kawon kaliyan krupuk damelan pabrik. Ananging awit pangrembakaning  jaman, krupuk punika tansaya kadhesuk, satemah cacahing perajin kantun sekedhik.
Padhukuhan Klisat Srihardono Pundong Bantul, wiwit jaman kamardikan kawentar minangka teleng  produksi krupuk abang putih. Warga  ing desa kasebat, rikala samanten racak makarya minangka perajin  krupuk pohung punika. Nanging samangke cacahing perajin krupuk abang putih,  kantun sekedhik. Mratahipun krupuk damelan pabrik njalari krupuk abang putih, kirang dipunpikajengi  masyarakat. Sabar, satunggaling perajin krupuk abang putih, mratelakaken, saben dinten ngolah 50 ngantos 70 kg glepung tapioka, kangge damel krupuk,  suda kathah tinimbang 15 taun kapengker. Rikala semanten Sabar damel  krupuk ngantos sa-ton saben dinten, dipunbiyantu dening welasan tanaga karya. Samangke Sabar damel krupuk nasionalis punika naming kaliyan semahipun. Regi krupuk abang putih mentah Rp 18.000,00 saben kilo .Samangke panyadenipun saya winates, naming dipunsade dhateng Imogiri iring kidul lan Kecamatan Panggang. Awit saking punika, para perajin ngajab  pemerintah cawe-cawe  milujengaken produksi krupuk mirunggan saking Pundong punika.

Mirunggan : mligi (nyebal saka adate): tulen, ora kecampuran apa-apa.
Sinaosa: senadyan (walaupun)
Prasaja: sederhana
Miraos: enak banget
Kawon : kalah
Damelan : gawean (buatan)
Pangrembakaning jaman (perkembangan jaman)
Kadhesuk (terdesak)
Satemah : wasanane (akhirnya)
Wiwit (sejak)
Kawentar (terkenal)
Dipunpikajengi : dipengini (diinginkan)
Mratah : wrata ana ing endi-endi (ada/ dapat dijumpai dimana-mana)
Rikala semanten (waktu itu)
Racak : kabeh meh padha (hampir semuanya)
Mratelakaken : ngandharaken (menjelaskan)
Dinten: dina
Semah: garwa: bojo (suami/ istri)
Regi : rega (harga)
Samangke : mengkone (nantinya)
Panyadenipunà saking tembung lingga “sade”: adolà panyadening : pangedoling (penjualan)
Ngajab (berharap)
Milujengaken : nyelamatke (menyelamatkan)
ANALISIS:
a.      Unsur What
Ingkang dados pokok pikiran saking pawartos ing nginggil menika inggih menika:
Sinaosa bahan bakunipun glepung tapioca lan cara ngolahipun prasaja, ananging krupuk punika, sakelangkung miraos, boten kawon kaliyan krupuk damelan pabrik.
b.      Unsur when, gegayutan (berhubungan) kaliyan perkawis kapan kedadosan/ wekdal.
-            Ing taun 70-an
a.      Unsur why, gegayutan kaliyan sebab kedadosan.
Ingkang dados sebab krupuk abang putih menika kirang dipunpikajengi masyarakat menapa ugi sebabipun ingkang dados sebabipun pengrajin krupuk abang putih menika dados sansaya sekedhik inggih menika: mratahipun krupuk damelan pabrik.
b.      Unsur who, gegayutan kaliyan paraga ingkang wonten ing salebetipun pawartos.
Unsur who ingkang saged dipunpanggihaken ing salebetipun teks pawartos ngingil menika inggih menika, para pengrajin krupuk abang putih (salah satuggalipun ingkang namanipun Sabar) menapa ugi pamarintah.
c.      Unsur where, gegayutan kaliyan papan wonten ing pundi kekadosan ingkang kaandharaken. Unsur where ingkang saged dipunmangertosi saking teks pawartos ing nginggil menika inggih menika ing Padhukuhan Klisat Srihardono Pundong Bantul, Imogiri iring kidul saha Kecamatan Panggang.
d.      Unsur how, gegayutan kaliyan kados menapa urut-urutanipun lelampahan menika kadadosan utawi solusi saking perkawis ingkang kaandharaken ing teks pawartos menika. unsur how saking teks pawartos ing nginggil menika inggih menika “para perajin ngajab  pemerintah cawe-cawe  milujengaken produksi krupuk mirunggan saking Pundong punika.”
SYARAT PAWARTA INGKANG SAE:  
1. Publisitas
Laporan kang diwenehake /diwartakake duwe tujuan kanggo publik  (umum). Kang prayogane basa kang digunakake kudu sing gampang dimangerteni dening wong liya   
2. Aktual
Prastawa kang kepara/kasiyarake anyar  saengga ora kadaluwarsa
3. Obyektif
Prastawa kang diwartakake ora mbelani salah sawijine kepentingan wong/ golongan
4. Narik Kawigaten
Prastawa kang diwartakake prayogane bisa nengsemake utawa nggugah minate wong kang maca/ngrungokake

Comments

Popular posts from this blog

KUMBAKARNA Raden Kumbakarna iku sawijining raseksa kang nduwé watek satriya, jujur, seneng marang bebener, lan panggah mbélani negarané. Raden Kumbakarna mapan anèng Kasatriyan Panglebur Gangsa. Nalika Dasamuka mbrontak kahyangan lan para dewa ora kuwawa ngadhepi serangan mau, Kumbakarna oleh jodho widadari Dewi Kiswani lan peputra kembar wujud raseksa aran Kumba Kinumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diserang déning bala kethèk sekutuné Sri Rama, Kumbakarna matur marang Dasamuka supaya Sinta dibalèkaké marang Rama, sebab perkara mau bisa ndadèkaké Alengka rubuh. Krungu aturé Kumbakarna, Dasamuka banjur duka lan prasapa bakal mbelani Sinta nganti tekaning pati. Kumbakarna ditundhung lunga saka Alengka. Kumbakarna banjur tapa turu, ora pengin weruh negara Alengka lemah klairané rubuh merga perkara wanita. Nalika perang gedhèn kedadèn, Dasamuka ngutus Indrajit supaya nggugah tapané Kumbakarna lan njaluk supaya Kumbakarna dadi senopati perang mungsuh Sri Rama. Indrajit kasil ngguga

Tembang Macapat

3.3.   Memahami ajaran moral dan menganalisis struktur tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.1 Menjelaskan hakikat Tembang Macapat 3.3.2  Mengidentifikasi kata-kata sukar di dalam Tembang Macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.3  Mendeskripsikan struktur teks tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.4  Mendeskripsikan ajaran moral tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.5  Menjelaskan kaidah kebahasaan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.1  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.2  Menanggapi penampilan teman Tembang Macapat A. Jinising Tembang Macapat Tembang macapat uga sinebut puisi tradhisional  jinisi lan perangane  dadi telung perangan gedhe : b)       Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik) Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula. b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhag
Wayang Wayang menika  gadhah  teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung  Ayang-ayang  minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang menika cekakaan saking tembung “ WA yahe sembah YANG ” ingkang tegesipun wayanipun Sholat. Sanesipun nyebataken bilih wayang menika cekakan saking tembung “ WA HANANE   H YANG ” Tembung  Wahana  tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung  Hyang  tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad. Babon carios wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih menika saking carios Ramayana saha Mahabharata. Cariso Ramayana ingkang basa sankretanipun  Rāmâyaṇa  saking tembung  Rāma  dalah  Ayaṇa  ingkang tegesipun Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening  Walmiki  (Valmiki) utawi Balmiki. Dene carios Mahabharata ingkang dipunanggit dening Begawan  Byasa  atau Vyasa, carios menika wosipun ngengingi Pandawa saha Kurawa ingkang rebatan Negara Astina. Ananging carios Ramayana s