Skip to main content

Posts

Showing posts from April, 2018
KUMBAKARNA Raden Kumbakarna iku sawijining raseksa kang nduwé watek satriya, jujur, seneng marang bebener, lan panggah mbélani negarané. Raden Kumbakarna mapan anèng Kasatriyan Panglebur Gangsa. Nalika Dasamuka mbrontak kahyangan lan para dewa ora kuwawa ngadhepi serangan mau, Kumbakarna oleh jodho widadari Dewi Kiswani lan peputra kembar wujud raseksa aran Kumba Kinumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diserang déning bala kethèk sekutuné Sri Rama, Kumbakarna matur marang Dasamuka supaya Sinta dibalèkaké marang Rama, sebab perkara mau bisa ndadèkaké Alengka rubuh. Krungu aturé Kumbakarna, Dasamuka banjur duka lan prasapa bakal mbelani Sinta nganti tekaning pati. Kumbakarna ditundhung lunga saka Alengka. Kumbakarna banjur tapa turu, ora pengin weruh negara Alengka lemah klairané rubuh merga perkara wanita. Nalika perang gedhèn kedadèn, Dasamuka ngutus Indrajit supaya nggugah tapané Kumbakarna lan njaluk supaya Kumbakarna dadi senopati perang mungsuh Sri Rama. Indrajit kasil ngguga
Wayang Wayang menika  gadhah  teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung  Ayang-ayang  minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang menika cekakaan saking tembung “ WA yahe sembah YANG ” ingkang tegesipun wayanipun Sholat. Sanesipun nyebataken bilih wayang menika cekakan saking tembung “ WA HANANE   H YANG ” Tembung  Wahana  tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung  Hyang  tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad. Babon carios wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih menika saking carios Ramayana saha Mahabharata. Cariso Ramayana ingkang basa sankretanipun  Rāmâyaṇa  saking tembung  Rāma  dalah  Ayaṇa  ingkang tegesipun Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening  Walmiki  (Valmiki) utawi Balmiki. Dene carios Mahabharata ingkang dipunanggit dening Begawan  Byasa  atau Vyasa, carios menika wosipun ngengingi Pandawa saha Kurawa ingkang rebatan Negara Astina. Ananging carios Ramayana s
      SOAL MATERI SEMESTER II 1.    Geguritan menika asalipun saking tembung gurit ingkang tegesipun... a.    Tulisan b.    Pawarta c.    Curhat d.    Cekakan e.    Paraban 2.    Ing ngandhap menika ingkang sanes unsur-unsur minangka titikanipun geguritan ingkang sae inggih menika... a.    Ngginakaken basa prasaja b.    Ukaranipun cekak, boten nggladrah c.    Ngemot piwulang bab gesang d.    Tembung-tembungipun pinilih e.    Ngemot aspek kaendahan 3.    Kagatosna geguritan ing ngandhap menika: .... Alah bapak balung sate      Uripku ijen-ijenan Nong ning, nong neng, nong ning, ning nung      ....      Adhedhasar geguritan nginggil menika, kalebet geguritan ingkang ngandhut ... a.  Purwakanthi sastra b.    Purwakanthi basa c.    Purwakanthi lumaksita d.    Purwakanthi swara e.    Purwakanthi tembung 4.    Kagatosna geguritan ing ngandhap menika: .... OmahPapan kanggo mulihPapan panggonan kanggo ngenam penggalihPapan panggonan kanggo n