Skip to main content
Wayang
Wayang menika gadhah teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung Ayang-ayang minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang menika cekakaan saking tembung “WAyahe sembahYANG” ingkang tegesipun wayanipun Sholat. Sanesipun nyebataken bilih wayang menika cekakan saking tembung “WAHANANE HYANG” Tembung Wahana tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung Hyang tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad.
Babon carios wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih menika saking carios Ramayana saha Mahabharata. Cariso Ramayana ingkang basa sankretanipun Rāmâyaṇa saking tembung Rāma dalah Ayaṇa ingkang tegesipun Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening Walmiki (Valmiki) utawi Balmiki. Dene carios Mahabharata ingkang dipunanggit dening Begawan Byasa atau Vyasa, carios menika wosipun ngengingi Pandawa saha Kurawa ingkang rebatan Negara Astina. Ananging carios Ramayana saha Mahabharata menika rikala ing tlatah Jawa lajeng kagubah malih dening para winasis, pramila menika wonten bedha-bedhanipun antawisipun carios Ramayana saha Mahabharata ingkang saking India kaliyan ingkang wonten ing Jawa. Dene wayang piyambak miturut sumber ingkang wonten, minangka kabudaya asli Jawa ingkang sampun wonten saderengipun carios Ramayana saha Mahabharata mlebet ing Jawa.
Geser gumantining jaman sabanjuripun sumbering carios wayang boten namung saking Mahabahrata saha Ramayana, ananging ugi wonten babon carios wayang sanesipun kadosdene carios Panji, carios seta, cariso saking Timur tengah lsp. Bedha-bedganing babon carios wayang menika amargi ngrembakaning donya pagelaran wayang. Pramila menika jininsing wayang boten namung wayang Walulang utawi golek nanging sansaya kathah. Tuladhanipun wonten wayang beber, wayang kancil, wayang pothehi lsp. Dipuntingali saking bahan ingkang dipunagem kangge ndamel wayang, wayang kaperang dados pinten-pinten jinis, antawisipun inggih menika Wayang Beber, Wayang Golek, Wayang Suket, Wayang Gethuk, Wayang Klithik, Wayang Kulit.
HASTHABRATA
1.      Pratiwi ingkang tegesipun donya, donya nggadhahi watak kiyat sentosa.  Manungsa, kewan, lan taneman saged dipunangkat kaliyan donya
2.      Surya ingkang tegesipun  srengenge . Nggadhahi watak menerangi ing seluruh jagat. Srengenge menika saged maringi kauripan kaliyan sedaya makhluk.
3.      Candra ingkang tegesipun rembulan, rembulan nggadhahi watak maringi pepajar ing wayah dalu.
4.      Samirana ingkang tegesipun angin nggadhahi watak  ingkang lembut
5.      Jaladri ingkang tegesipun samudera, samudera nggadhahi watak ingkang amba saengga saged nampung sedaya, inggih menika ingkang sae utawi awon
6.      Tirta tegesipun toya nggadhahi watak maringi panggesangan kaliyan makhluk inggih manungsa, taneman lan kewan ingkang sedaya mau betahaken toya kangge  panggesangan.
7.      Kartika ingkang tegesipun lintang, lintang nggadhahi watak maringi kaendahan kangge alam semesta.
8.      Dahana ingkang tegesipun geni, geni nggadhahi watak saged ngrisak menapa kemawon. Mila sipatipun geni menika saged dados tuladha sinten kemawon ingkang nerak paugeran kedah dipunparingipidana ingkang murwat kaliyan kalepatanipun.
AJARAN MORAL HASTHABRATA
Pemimpin saged mendhet wolung ajaran menika minangka landhesan anggenipun dados pandam pandoming kawula dasih,inggih menika:
1.      Nindakaken dharmaning surya (boten sambat, boten kendhat {netepi jejibahan/kuwajiban}, boten randhat {netepi marang sesanggeman/janji})
2.      Nindakaken dharmaning rembulan (damel pajar dhateng perkawisipun rakyat kanthi asih tresna)
3.      Nindakaken dharmaning kartika/bintang (sanajan alit wujudipun, nanging inggil kasunyatanipun {dhuwur gegayuhane, lan luhur budine})
4.      Nindakaken dharmaning angkasa/langit (dados pangayoming jagad sak isinipun) wawasanipun kathah, lila lan wantun kalawan korban (berani berkorban)
5.      Nindakaken dharmaning bantala/bumi (netepi janji lan anguripi)
6.       Nindakaken dharmaning geni (punggawaning praja kedah teguh ing tekad, keadilan, lan mbesmi ingkang awon)
7.       Nindakaken dharmaning samudra/segara (adil, lan ngayomi boten pilih kasih)
8.      Nindakaken dharmaning maruta/angin (nyumurupi lan mangertosi manapa ingkang dados sambatipun lan penandhangipun rakyat)
Tuladha cariyos wayang:
SEMAR
Semar iku putrane Sang Hyang Wenang lan Dewi Wiranti. Sedulure Semar ana loro yaiku Sang Hyang Antaga (Togog) lan Sang Hyang Manikmaya (Bathara Guru). Sedulur telu iku dumadi saka cahya putih kaya dene endhog. Kulite dadi Antaga, putihe dadi Ismaya (Semar). Kuninge dadi Manikmaya (Bathara Guru). Nalika Semar manggon ing kahyangan kanthi asma Sang Hyang Ismaya.
Sesebutane Semar liyane yaiku Ki Lurah Badranaya, Nayantaka Janggan Asmarasanta, Bogajati, Boga Sampir sing mapan ing Karang Kedhempel. Sadurunge dadi Semar, wujud Bethara Ismaya bagus rupane lan mapan ing kahyangan. Sawise dadi Semar, wujude cendhek, mblendhung wetenge lan rembes mripate.
Ceritane mengkene.
Sedulur telu yaiku Antaga, Ismaya, lan Manikmaya melu sayembara. Sapa bisa ngulu jagad bakal dadi ratuning kahyangan. Sepisanan Antaga nyoba, ora bisa, malah suwek lambene banjur salin wujud dadi Togog sing amba lambene. Semar bisa ngulu jagad, nanging ora bisa ngetokake mula wetenge dadi gedhe, Sing bisa mung Manikmaya, mula banjur diangkat dadi ratuning Dewa ing kahyangan kanthi sebutan Bethara Guru.
Dening Sang Hyang Wenang, Ismaya kadhawuhan mudhun ing Ngarcapada, donyaning manungsa dadi pamomonge satriya, kalebu leluhure pandhawa saanak turune. Semar duwe anak telu yaiku Gareng, petruk, lan Bagong. Wong papat banjur diarani panakawan utawa punakawan (pana: ngerti, kawan: kanca). Semar tansah paring wewarah marang bendara sing lagi susah atine. Negara sing kena pageblug, katekan semar dadi tentrem, ayem, mulya. Tumrap para satriya pandhawa, Semar dianggep pepundhene, bisa ngerti sadurunge prakara dumadi ana ing donya.
Sanajan ala wujude, Semar luhur bebudene, tata kramane ganep, sabar, ora tau nesu, tresna asih marang sapadhane lan wicaksana. Yen Semar lagi nesu ora ana Dewa utawa manungsa sing bisa nandhingi kajaba Sang Hyang Wenang.

Tugas 1
Mangsuli pitakenan:
1.    Sinten Semar menika?
2.    Sedherekipun Semar wonten pinten, coba kasebatna!
3.    Kadospundi dumadineing Semar sasedherekipun?
4.    Sinten kemawon sesebatanipun Semar?
5.    Nalika ing kahyangan, kadospundi kawontenanipun Semar?
6.    Menapa sebabipun Semar dados ala wujudipun?
7.    Menapa sebabipun manikmaya dados ratuning dewa?
8.    Antaga lan Ismaya wujudipun dados awon. Menapa sebabipun?
9.    Sinten kemawon punakawan menika?
Kadospundi watakipun Semar? Menapa watakipun saged kangge patuladhan dhateng tiyang sanes?

Comments

Popular posts from this blog

KUMBAKARNA Raden Kumbakarna iku sawijining raseksa kang nduwé watek satriya, jujur, seneng marang bebener, lan panggah mbélani negarané. Raden Kumbakarna mapan anèng Kasatriyan Panglebur Gangsa. Nalika Dasamuka mbrontak kahyangan lan para dewa ora kuwawa ngadhepi serangan mau, Kumbakarna oleh jodho widadari Dewi Kiswani lan peputra kembar wujud raseksa aran Kumba Kinumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diserang déning bala kethèk sekutuné Sri Rama, Kumbakarna matur marang Dasamuka supaya Sinta dibalèkaké marang Rama, sebab perkara mau bisa ndadèkaké Alengka rubuh. Krungu aturé Kumbakarna, Dasamuka banjur duka lan prasapa bakal mbelani Sinta nganti tekaning pati. Kumbakarna ditundhung lunga saka Alengka. Kumbakarna banjur tapa turu, ora pengin weruh negara Alengka lemah klairané rubuh merga perkara wanita. Nalika perang gedhèn kedadèn, Dasamuka ngutus Indrajit supaya nggugah tapané Kumbakarna lan njaluk supaya Kumbakarna dadi senopati perang mungsuh Sri Rama. Indrajit kasil ngguga

Tembang Macapat

3.3.   Memahami ajaran moral dan menganalisis struktur tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.1 Menjelaskan hakikat Tembang Macapat 3.3.2  Mengidentifikasi kata-kata sukar di dalam Tembang Macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.3  Mendeskripsikan struktur teks tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.4  Mendeskripsikan ajaran moral tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.5  Menjelaskan kaidah kebahasaan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.1  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.2  Menanggapi penampilan teman Tembang Macapat A. Jinising Tembang Macapat Tembang macapat uga sinebut puisi tradhisional  jinisi lan perangane  dadi telung perangan gedhe : b)       Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik) Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula. b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhag

Cariyos Pengalaman

Cariyos P engalaman Ø   P engalaman inggih menika kedadosan ingkang sam p un nate di p unlam p ahi dening tiyang ing wekdal tertemtu. P engalaman menika saged awujud p engakaman ingkang lucu, nengsemaken, damel bungah, malah ke p ara p engalaman ingkang damel sungkawa, ingkang baken p engalaman menika nandhes ing manah saha angel di p unsu p ekaken. Sinaosa mekaten, p engalaman ingkang becik menika p engalaman ingkang saged p aring p iwulang marang sinten kemawon ingkang mirengaken. Ø   Cariyos p engalaman menika tegesi p un nyariyosaken p engalaman utawi kedadosan ingkang sam p un nate di p unalami dhumateng tiyang sanes. Wondene cariyos p engalaman ingkang di p uncariyosaken menika saged awujud p engalaman p ribadhi mena p a ugi p engalamani p un tiyang sanes. Cariyos p engalaman menika saged kaandharaken kanthi basa Jawa krama mena p a ugi basa Jawa ngoko. Ø   Su p ados anggeni p un cariyos p engalaman menika sae, p rayogi migatosaken p erkawis ing ngandha p menika: 1)