Skip to main content
      SOAL MATERI SEMESTER II
1.    Geguritan menika asalipun saking tembung gurit ingkang tegesipun...
a.    Tulisan
b.    Pawarta
c.    Curhat
d.    Cekakan
e.    Paraban
2.    Ing ngandhap menika ingkang sanes unsur-unsur minangka titikanipun geguritan ingkang sae inggih menika...
a.    Ngginakaken basa prasaja
b.    Ukaranipun cekak, boten nggladrah
c.    Ngemot piwulang bab gesang
d.    Tembung-tembungipun pinilih
e.    Ngemot aspek kaendahan
3.    Kagatosna geguritan ing ngandhap menika:
....
Alah bapak balung sate
     Uripku ijen-ijenan
Nong ning, nong neng, nong ning, ning nung
     ....
     Adhedhasar geguritan nginggil menika, kalebet geguritan ingkang ngandhut ...
a.  Purwakanthi sastra
b.    Purwakanthi basa
c.    Purwakanthi lumaksita
d.    Purwakanthi swara
e.    Purwakanthi tembung
4.    Kagatosna geguritan ing ngandhap menika:
....OmahPapan kanggo mulihPapan panggonan kanggo ngenam penggalihPapan panggonan kanggo ngarih-arihSakehing penggayuh kang lagi digalih...Adhedhasar geguritan nginggil menika, kalebet geguritan ingkang ngandhut ...
a.    Purwakanthi sastra
b.    Purwakanthi basa
c.    Purwakanthi lumaksita
d.    Purwakanthi swara
e.    Purwakanthi tembung
Kagatosna geguritan ing ngandhap menika:
Geneya akeh rupa maneka warna
Kesrakat rebut pangkat
Sirahe cilik nanging sirahe cetha, nyawang bandha
Kupinge nyungu tan ngrungu
Cangkeme mblawah lemah bengkah
Iki lakon apa
Geneya Bethari Durga mundhi gada
Aprajurit Janaka Yudhistira Rama Lesmana
Dinuta Lesmana Duryudana
Togog Bilung sakancane dadi pinangka dhalange
Iki lakon apa
Pandhita ilang sabdane
Semar ilang sabare
Petruk mung nyekukruk
Bagong mung plompang plompong
Jare punakawan kuwi pamomonge para satriya?
Jare raja kuwi pangayome kawula?
Apa iya?
Iki lakon apaApa lakon tan pinakemake?
Apa pakem tan linakonake?
Bumi tuwa kang kebak ura-ura ngaruhara
Tan bisa sirsa saka jantraning jaman dur angkara
Muspra
5.    Geguritan ing nginggil menika nggambaraken raos...
a.    Bingah
b.    Remen
c.    Greget
d.    Kuciwa
e.    Sengsem
6.    Geguritan ing nginggil menika nggambaraken kahanan ing...
a.    Kaluwarga
b.    Nagari
c.    Kaprajan
d.    Nuswantara
e.    Masyarakat
7.    Dasanamanipun tembung bumi inggih menika...
a.    Kartika
b.    Pertiwi
c.    Bagaskara
d.    Maruta
e.    Dirgantara
8.    Tegesipun pandhita ilang sabdane inggih menika...
a.    Ical bandhanipun
b.    Ical kaluhuranipun
c.    Ical kapinteranipun
d.    Ical kawigatosanipun
e.    Ical kesaenanipun
9.    Nalika maca geguritan, pocapanipun kedah cetha, boten groyok utawi blero. Perkawis menika jumbuh kaliyan salah satunggalipun syarat supados anggenipun maca geguritan saged sae, inggih menika gegautan kaliyan perkawis....
a.    Wicara
b.    Wirama
c.    Wirasa
d.    Wiraga
e.    Wiwitan
10.  Guru gatra saking geguritan ing nginggil menika cacahipun wonten...
a.    Sekawan
b.    Gangsal
c.    Senem
d.    Kathah
e.    Sekedhik
11.  Ingkang angsal nyariyosaken cariyos pengalamanipun inggih menika...
a.    Tiyang enem
b.    Tiyang sepuh
c.    Tiyang kakung
d.    Tiyang estri
e.    Sinten kemawon
12.  Nalika nyariyosaken cariyos pengalaman, basanipun kedah...
a.    Krama
b.    Ngoko
c.    Prasaja
d.    Baken
e.    Sopan
13.  Ingkang dipunwastani cariyos pengalaman menika kedadosanipun...
a.    Badhe kalampah
b.    Sampun kalampah
c.    Nembe kalampah
d.    Pengen kalampah
e.    Boten nate kalampah
14.  Cariyos pengalaman menika kacariyosaken amargi...
a.    Supados ngumumi sesami
b.    Supados dipunremeni tiyang sanes
c.    Kedadosanipun menika wigatos
d.    Remen nyariyosaken penggalihipun
e.    Betah dipungatosaken
15.  Ingkang sanes minangka unsur intrinsik saking cariyos pengalaman inggih menika...
a.    Paraga
b.    Latar sosial penulis
c.    Latar/ setting
d.    Penokohan
e.    Alur
16.  Ingkang sanes minangka unsur ektrinsik saking cariyos pengalaman inggih menika...
a. Riwayat gesang penulis
b. Latar sosial penulis
c. Piwulang cariyos
d. Kahanan sosial nalika cariyos kacariyosakene.    
e. Alur
Kagatosna cariyos pengalaman ing ngandhap menika!
     Kecemplung ing blumbangDening: Fajar Ahmad SNalika kula taksih kelas 3 SD, kula saha kanca-kanca kula nama Luki saha Yogi, dolan wonten griyanipun kanca kula Arif. Kula sakanca lajeng dolanan benthik saha dhelikan. Sasampunipun bosen dhelikan, lajeng kula sakanca pados cacing kangge mancing ulam wonten ing lepen.Kanca kula Arif gadhah tangga ngingah segawon cacahipun tiga. Nalika Luki saha Yogi badhe ngampiri kanca kula sanesipun saperlu dipunajak mancing, dumadakan Luki jail, nirokaken jegogipun segawon. Tanpa kanyana kalih segawon ingkang galakipun boten ilok njranthal badhe nyathek kanca-kanca kula. Kados gabah dipuninteri, kula sakanca nunjang palang pados panggenan kangge ndhelik. Kula saha Luki lajeng menek wit jambu pinggir blumbang. Kanca sanesipun ndhelik ing grumbulan wit caket kebon. Segawon ingkang ngoyak kula saha Luki nengga wonten ngandhap wit jambu sinambi jegog mencolot-mencolot. Dumadakan mak grobyak kula sahaLuki kecemplung blumbang amargi pang jambu ingkang kula anciki sempal. Amargi segawonipun tumut kaget lajeng njranthal mlajar mlebet kampung. Salajengipun kanca kula Arif saha Yogi medal saking grumbul, lajeng nuding-nuding dhateng kula. Priyambara enggal nulungi kula mentas, nanging malah ngguyu ngantos gulung-gulung.(Sumber: Wibawa Kelas X kaca 71)
17.  Cerita ing nginggil menika kalebet jenis cariyos pengalaman...
a.    Ngremenaken
b.    Lucu
c.    Aneh
d.    Nggegirisi
e.    Nggelani
18.  Paraga utama saking cerita ing nginggil inggih menika...
a.    Penulis
b.    Arif
c.    Luki
d.    Arif sakanca
e.    Luki sakanca
19.  Dasanamanipun lepen inggih menika...
a.    Blumbang
b.    Sabin
c.    Kali
d.    Tlaga
e.    Seganten
20.  Piwulang ingkang saged dipunpikantuk saking cariyos ing nginggil inggih menika...
a.    Ampun remen nggodha
b.    Ampun remen damel gela
c.    Ampun remen dolan
d.    Tansah waspada
e.    Tansah nggatosaken kahanan
21.  Dasanamanipun sesorah inggih menika..
a.    Medhar gati
b.    Wawanpangandikan
c.    Medhar sabda
d.    Sabda gati
e.    Gineman
22.  Sesorah menika saged kawedharaken kanthi.... cara.
a.    Setunggal
b.    Kalih
c.    Tiga
d.    Sekawan
e.    Gangsal
23.  Sesorah ingkang katindakaken kanthi dadakan menika dipunwastani sesorah kanthi cara...
a.    Apalan
b.    Maca
c.    Nyathet
d.    Imporomptu
e.    Ekstemporan
24.  Sesorah ingkang katindakaken kanthi mbeta cathetan alit menika dipunwastani sesorah kanthi cara...
a.    Apalan
b.    Maca
c.    Nyathet
d.    Imporomptu
e.    Ekstemporan
25.  Sesorah ingkang ancas saha isinipun ngandharaken bab kautaman saha pitutur menika dipunwastani...
a.    Wursitawara
b.    Pambagyaharja
c.    Wacana
d.    Pawarta
e.    Wara-wara
26.  Saderengipun, sumangga kula saha panjenengan sedaya munjukaken puja puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah. Awit saking berkah saha rahmatipun, kula dalah panjenengan sedaya saged ngestreni acara wonten ing wekdal siyang menika kanthi kebak ing kabagyan, kasarasan, saha kawilujengan.
Ukara ing nginggil menika dipunwastani perangan...
a.    Atur pambuka
b.    Atur pakurmatan
c.    Atur pamuji
d.    Atur pangaksama
e.    Atur sedya
27.  Tuku jungkat nganti tekan banten.
Menawi lepat nyuwun pangapunten.
Ukara ing nginggil menika biasanipun wonten ing perangan...
a.    Pambuka
b.    Pakurmatan
c.    Dudutan
d.    Isi
e.    Panutup
28.  Wonten ing cengkorongan sesorah, perangan isi kaaturaken sasampunipun perangan ...
a.    Atur salam
b.    Atur pangaksama
c.    Atur pakurmatan
d.    Atur pamuji
e.    Atur panutup
29.  Perkawis ingkang boten wajib dipungatosaken nalika sesorah ing antawisipun inggih menika...
a.    Para rawuh
b.    Swasana
c.    Sinten ingkang ngendikan
d.    Papan panggenan
e.    Perkawis ingkang dipunginemaken
30.  Sesorah ingkang dipunaturaken nalika paring ular-ular kangge manten menika kedahipun kaaturaken kanthi wirasa ingkang...
a.    Remen
b.    Sungkawa
c.    Duhkita
d.    Aras-arasen
e.    Regeng
31.  Cariyos ramayana saha mahabarata menika cariyos ingkang asalipun saking nagari...
a.    Mesir
b.    India
c.    Gujarat
d.    Jawa
e.    Arab
32.  Wayang menika gadhah teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika asalipun saking tembung ayang-ayang ingkang minangka gegambaranipun...
a.    Rajakaya
b.    Jalma
c.    Bawana
d.    Narendra
e.    Jawata
33.  Paraga kurawa saha pandhawa menika saged kapanggihaken wonten ing cariyos ...
a.    Ramayana
b.    Mahabarata
c.    Panji
d.    Hikayat
e.    Babad
34.  Ing salebetipun cariyos pewayangan menika wonten piwulang ngengingi hasta brata. Hasta tegesipun...
a.    Pitu
b.    Wolu
c.    Sanga
d.    Sedasa
e.    Sewelas
35.  Salah satunggalipun piwulang hasta brata menika ngandharaken bilih pemimpin menika kedah k=gadhah watak ingkang memper dahana. Dasanamanipun dahana inggih menika...
a.    Kartika
b.    Lintang
c.    Siti
d.    Srengenge
e.    Geni
36.  Ing salah satunggalipun piwulang hasta brata menika ngandharaken bilih manungsa menika kedah gadhah watak ingkang lembut.
Watak menika memper watakipun...
a.    Samirana
b.    Kartika
c.    Bagaskara
d.    Agni
e.    Pertiwi

Kagatosna cariyos wayang ing ngandhap menika!
KUMBAKARNA
Raden Kumbakarna iku sawijining raseksa kang nduwé watek satriya, jujur, seneng marang bebener, lan panggah mbélani negarané. Raden Kumbakarna mapan anèng Kasatriyan Panglebur Gangsa. Nalika Dasamuka mbrontak kahyangan lan para dewa ora kuwawa ngadhepi serangan mau, Kumbakarna oleh jodho widadari Dewi Kiswani lan peputra kembar wujud raseksa aran Kumba Kinumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diserang déning bala kethèk sekutuné Sri Rama, Kumbakarna matur marang Dasamuka supaya Sinta dibalèkaké marang Rama, sebab perkara mau bisa ndadèkaké Alengka rubuh. Krungu aturé Kumbakarna, Dasamuka banjur duka lan prasapa bakal mbelani Sinta nganti tekaning pati. Kumbakarna ditundhung lunga saka Alengka.Kumbakarna banjur tapa turu, ora pengin weruh negara Alengka lemah klairané rubuh merga perkara wanita. Nalika perang gedhèn kedadèn, Dasamuka ngutus Indrajit supaya nggugah tapané Kumbakarna lan njaluk supaya Kumbakarna dadi senopati perang mungsuh Sri Rama. Indrajit kasil nggugah Kumbakarna nanging Kumbakarna ora gelem mèlu perang, nyalahaké Rahwana kang tegel ngorbanaké rakyat Alengka kanggo kepentingané dhéwé, ing atasé ratu gung binathara kok ngrampas garwané wong liya. Kanggo gawé nesuné Kumbakarna, Indrajit matur yèn putrané sakloron Kumba Kinumba lan Aswani Kumba diperjaya dening Sri Rama. Krungu ature Indrajit, Kumbakarna duka yayah sinipi lan prasapa bakal mbélani negara lemah klairané saka serangan mungsuh. Kumbakarna maju ing palagan perang lan ndadèkaké bala kethèk padha mlayu sebab Narpati Sugriwa dhéwé minangka senopatining perang ora kuwawa ngadhepi Kumbakarna.Gunawan Wibisana kang ora sarujuk marang panemuné Dasamuka uga metu saka krajan Alengka lan gabung dadi siji kaliyan Sri Rama. Wibisana matur yèn ta Kumbakarna bakal kasor kalamun Sri Rama lan Leksmana bareng anggoné nglepasaké panah. Kanthi mangkono apa kang dadi supatané Jambumangli bakal katekan. Kumbakarna gugur ndhepani bumi Alengka, minangka pahlawan kang setya béla nusa bangsané.
(Kajarwakaké saka “Bunga Rampai” Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, kanthi owah-owahan saperluné)
37.  Tegesipun tembung kuwawa inggih menika...
a.    Saguh
b.    Trima
c.    Seneng
d.    Gelem
e.    Nyeja
38.  Wonten ing salebetipun cariyos ing ngiggil menika dipunandharaken bilih nalika Alengka dipunserang dening bala tentara kethek, kumbakarna menika milih sare amargi...
a.    Boten perduli marang nasib negarinipun
b.    Sampun dados padatanipun sare nalika wonten perang
c.    Boten pengen semerep Alengka rubuh amargi perkawis wanita
d.    Piyambakipun sampun mangertos bilih Alengka bakal kawon
e.    Piyambakipun duka amargi putranipun seda
39.  Saking cariyos ing nginggil menika saged dipunmangertosi bilih Kumbakarna menika ing pungkasanipun campuh ing salebetipun perang amargi dipunapusi dening...
a.    Indrajit
b.    Dasamuka
c.    Rama
d.    Dewi Kiswani
e.    Sugriwa
40.  Piwulang ingkang saged dipunpikantuk saking cariyos wayang ing nginggil inggih menika...
a.    Tansah mbelani nagarinipun
b.    Tansah sedya campuh ing palagan
c.    Boten berduli marang sanesipun
d.    Ngutamakaken kepentingan pribadi
e.    Tansah mbelani sedherekipun 


Comments

Popular posts from this blog

KUMBAKARNA Raden Kumbakarna iku sawijining raseksa kang nduwé watek satriya, jujur, seneng marang bebener, lan panggah mbélani negarané. Raden Kumbakarna mapan anèng Kasatriyan Panglebur Gangsa. Nalika Dasamuka mbrontak kahyangan lan para dewa ora kuwawa ngadhepi serangan mau, Kumbakarna oleh jodho widadari Dewi Kiswani lan peputra kembar wujud raseksa aran Kumba Kinumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diserang déning bala kethèk sekutuné Sri Rama, Kumbakarna matur marang Dasamuka supaya Sinta dibalèkaké marang Rama, sebab perkara mau bisa ndadèkaké Alengka rubuh. Krungu aturé Kumbakarna, Dasamuka banjur duka lan prasapa bakal mbelani Sinta nganti tekaning pati. Kumbakarna ditundhung lunga saka Alengka. Kumbakarna banjur tapa turu, ora pengin weruh negara Alengka lemah klairané rubuh merga perkara wanita. Nalika perang gedhèn kedadèn, Dasamuka ngutus Indrajit supaya nggugah tapané Kumbakarna lan njaluk supaya Kumbakarna dadi senopati perang mungsuh Sri Rama. Indrajit kasil ngguga

Tembang Macapat

3.3.   Memahami ajaran moral dan menganalisis struktur tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.1 Menjelaskan hakikat Tembang Macapat 3.3.2  Mengidentifikasi kata-kata sukar di dalam Tembang Macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.3  Mendeskripsikan struktur teks tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.4  Mendeskripsikan ajaran moral tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.5  Menjelaskan kaidah kebahasaan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.1  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.2  Menanggapi penampilan teman Tembang Macapat A. Jinising Tembang Macapat Tembang macapat uga sinebut puisi tradhisional  jinisi lan perangane  dadi telung perangan gedhe : b)       Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik) Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula. b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhag
Wayang Wayang menika  gadhah  teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung  Ayang-ayang  minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang menika cekakaan saking tembung “ WA yahe sembah YANG ” ingkang tegesipun wayanipun Sholat. Sanesipun nyebataken bilih wayang menika cekakan saking tembung “ WA HANANE   H YANG ” Tembung  Wahana  tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung  Hyang  tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad. Babon carios wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih menika saking carios Ramayana saha Mahabharata. Cariso Ramayana ingkang basa sankretanipun  Rāmâyaṇa  saking tembung  Rāma  dalah  Ayaṇa  ingkang tegesipun Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening  Walmiki  (Valmiki) utawi Balmiki. Dene carios Mahabharata ingkang dipunanggit dening Begawan  Byasa  atau Vyasa, carios menika wosipun ngengingi Pandawa saha Kurawa ingkang rebatan Negara Astina. Ananging carios Ramayana s