Skip to main content

Tembang Macapat

3.3.  
Memahami ajaran moral dan menganalisis struktur tembang macapat Asmaradana dan Megatruh
3.3.1 Menjelaskan hakikat Tembang Macapat
3.3.2 Mengidentifikasi kata-kata sukar di dalam Tembang Macapat Asmaradana dan Megatruh
3.3.3 Mendeskripsikan struktur teks tembang macapat Asmaradana dan Megatruh
3.3.4 Mendeskripsikan ajaran moral tembang macapat Asmaradana dan Megatruh
3.3.5 Menjelaskan kaidah kebahasaan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh
4.3 Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh
4.3.1 Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh
4.3.2 Menanggapi penampilan teman


Tembang Macapat
A. Jinising Tembang Macapat
Tembang macapat uga sinebut puisi tradhisional  jinisi lan perangane  dadi telung perangan gedhe :
b)       Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)
Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula.
b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan)
Sing kalebu ana tembang tengahan yaiku : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.
c)  Puisi tembang gedhe (kawi)
Sing kalebu tembang gedhe yaiku Girisa
Sekar macapat menika sekar tradhisional ing tanah Jawa. sekar macapat menika nggambaraken lampahing gesang manungsa saking jabang bayi dumugi pejahipun, dene urut-urutanipun kados ngandhap menika:

  • Maskumambang, nggambaraken jabang bayi ingkang taksih wonten kandhutanipun ibu, ingkang dereng katingal jaler utawi estrinipun, taksih kumambang wonten ing kandhutanipun ibu.
  • Mijil, nggambaraken tiyang ingkang nembe lair.
  • Kinanthi, nggambaraken bayi ingkang sampun lair, lajeng dipungandheng saha dipungendhong supados saged mlampah nindakaken gesang ing alam donya.
  • Sinom, nggambaraken nalika lare sansaya ageng dados tiyang anem, wancinipun ngangsu kawruh sakathah-kathahipun kangge sangunipun gesang.
  • Asmarandana, nggambaraken mudha-mudhi ingkang wiwit tuwuh raos tresna, ingkang jaler dhateng ingkang estri, saha kosok wangsulipun.
  • Gambuh, saking tembung jumbuh/ sarujuk. Nggambaraken tiyang kakung saha estri ingkang sampun sami sarujuk agesang bebrayan.
  • Dhandhanggula. Nggambaraken gesangipun tiyang ingkang nembe remen, menapa ingkang dipungayuh saged kalampahan, gadhah sisihan/ kaluwarga, gadhah putra, gesang cekap kangge sakaluwarga. Pramila saged dipunwastani nembe nedheng-nedhengipun ngraosaken manising gesang.
  • Durma, saking tembung darma/ weweh. Nggambaraken tiyang ingkang sampun kacekapan gesangipun, ngrumaosi wigatosipun pados sangu kagem gesang ing alam kalanggengan, lajeng tuwuh raos welas asih marang kadang mitra sanesipun ingkang saweg nandhang kacingkrangan, pramila tuwuh raos darma/ weweh marang sasamining manungsa.
  • Pangkur, saking tembung mungkur ingkang tegesipun ngungkuri babagan kadonyan, sedaya ingkang wonten ing alam donya punika boten badhe dipunbeta ing kubur, pramila tiyang menika namung nyamektakaken menawi sawanci-wanci kapundhut dening Kang Maha Kuwasa.
  • Megatruh, tegesipun pegating raga kaliyan ruhipun, utawi sampun wancinipun sowan marang Gusti ingkang Maha Kuwasa.
  • Pocung, nggambaraken tiyang ingkang sampun seda lajeng dipunbuntel, naminipun dipunpocong.

B. Perangan sekar macapat
a.    Wanda             : peranganing tembung ingkang mungel sakecap (suku kata)
b.    Gatra               : larikan (baris)
c.    Pada                : adegan (bait)
d.    Pupuh              : sekar sapupuh ateges sasekar utawi sajinis sekar. Sapupuh saged kadadosan pinten-pinten pada, upaminipun 12 pada sekar sinom. 12 pada sekar sinom menika kawastanan pupuh sinom.

e.    Cakepan         : tetembungan ingkang kaginakaken ing sekar.

C.  Paugeran Tembang Macapat
Tembang macapat kaiket dening paugeran-paugeran ing ngisor iki.
a.   Guru Gatra
Guru gatra yaiku cacahing / gunggunge gatra /baris/larik, saben  sapada/sapupuh/sabait. Saben-saben tembang macapat nduweni guru gatara kang beda-beda.
b.   Guru Wilangan
Guru wilangan tegese gunggunge wanda (suku kata) saben sagatra. Kayadene guru gatra, saben tembang nduweni guru wilangan kang beda-beda.
c.   Guru Lagu
Guru lagu tegese tibaning swara ana ing pungkasaning gatra kang dinulu saka guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane.
1.    wataking tembang
Tuladha: trap-trapaning  paugeran tembang.
Guru gatra
Tembang
Guru wilangan
Guru lagu
( 4 )
1
( Pucung )
Murid iku kudu manut marang guru
Rukun marang kanca
Aja drengki aja srei
Aja climut aja jail aja nakal
12
6
8
12
(u, a, I, a )
u
a
i
a
( 6 )
1
2
3
4
5
6
( Mijil )
Dedalane guna lawan seketi
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Ana catur mungkur
10
6
10
10
6
6
(i, o, e, i, i,u)
i
o
e
i
i
u
 ( 4 )
1
2
3
4
(Maskumambang)
Adhuh-adhuh rasane Taraku iki
Mboten saged omong
Bisaku mung kethap-kethip
Ragaku among gumlethak
12
6
8
8
( i, o, i, a )
i
o
i
a
 ( 9 )
1
2
3
4
5
6
7
8
9
(Sinom Parijatha)
Dhuh wong ayu pujaningwang
Dhasar ayu merak ati
Agawe sun nandhang branta
Mung sira kang ngusadani
Manuta dhuh wong manis
Mangga sira ingsun rungrum
Aja pijer lewa –lewa
Ayo nindakna karonsih
Sesarengan nyecep sarining asmara
8
8
8
8
7
8
8
8
12
(a,i,a,,i,i,u,a,i,a)
a
i
a
i
i
u
a
i
a

Tembang
Guru Gatra
Guru Wilangan
Guru Lagu
Pangkur
Jinejer ning wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepa asepa lir sepah samun
Samangsane pakumpulan
Gonyak ganyuk nglelingsemi
(7)
1
2
3
4
5
6
7
8
11
8
7
12
8
8
a
i
u
a
u
a
i

Tembang
Guru Gatra
Guru Wilangan
Guru Lagu
Asmaradana
Anjasmara ari mami
Masmirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Prabalingga
Prang tandhing Wurubisma
Kariya mukti Wong ayu
Puh kakang pamit Palastra
(7)
1
2
3
4
5
6
7
8
8
8
8
7
8
8
i
a
o
a
a
u
a
D. Wataking Tembang
·         Tembang Pocung           : saenake, sembranan, guyonan. Gunane kanggo guyonan (berkelakar), cangkriman, pitutur.
·         Tembang Mijil                : gandrung-gandrung, prihatin, Gunane: pangudhar rasa prihatin.
·         Tembang Maskumambang : susah nelangsa, prihatin, merana. Gunane kanggo mratelakake rasa susah karana.
·         Tembang Kinanthi          : gandrungasmara. Gunane: kanggo  mratelakake rasa susah karanaasmara.
·         Tembang Durma            : nesu, dendam, muring. Gunane kanggo pengeten nalikaning perang, tantang-tantangan.
·         Tembang Asmaradana: sengsem, nesu, dendam. Gunane mratelakake rasa susah karanaasmara.
·         Tembang Pangkur          : gandrung, tegang. Gunane kanggo menehi pepenget/peringatan
·         Tembang Sinom : lugu, susah, prasaja. Gunane kanggo menehi pitutur, kanggo mbabar rasa susah.
·         Tembang Dhandhanggula: luwes, manis, sarwa cocok. Gunane kanggo pitutur, mbabar rasa susah, kanggo pambuka gendhing.
·         Tembang megatruh        : susah, rasa  cuwa/gela kang mbangeti. Gunane kanggo mbabarake rasa susah.
·         Tembang Gambuh          : nerangake, nbeber kawruh. Gunane kanggo mulang muruk.
E.   Nglagokake Tembang Macapat
Tembang macapat ing ngisor iki lagokno kanthi irama kang trep !
Pangkur
Jinejer ning wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepa asepa lir sepah samun
Samangsane pakumpulan
Gonyak ganyuk nglelingsemi
ASMARADANA
Anjasmara ari mami
Masmirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Prabalingga
Prang tandhing Wurubisma
Kariya mukti Wong ayu
Puh kakang pamit Palastra
MASKUMAMBANG
Akeh janma   kandha yen  manungsa    kuwi
Bisa neka   loka
Ing  jagad  jalaran   saking
Katiban  wahyu  kabegjan
Tembang pangkur ing ndhuwur ngemu kawruh / nyritakake wong kang bodho ananging ora nggagasan. Tegese ora ngrumangsani yen menawa dheweke kuwi bodho. Dadine, ngomonge ndhuwur-ndhuwur / muluk-muluk ora ketemu nalar. Ngadhepi wong sing kaya mangkono iku luwih becik kudu ngalah. Sing pinter / nalare mlaku kudune trima ngalah lan njaga rasa-pangrasa wong bodho kuwi.

Dene ana tembang amaradana nyritakake pawongan (Damarwulan) kang pamit marang kekasihe yakuwi Anjasmara, amarga arep lunga perang mungsuh Menakjingga (Wurubisma) ana kutha Blambangan (Prabalingga). Gandeng  Menakjingga iku kawentar sekti mandraguna, mula saka kuwi Damarwulan mesthekake yen takdire tumekang pati/lampus wus cedhak. Tembang Asmaradana nduweni watak merak ati, sedhih, amarga nandhang asmara.

Tugas
A.    Tembang 1
élinga para pawèstri,
mardika iku jarwanya,
nora mung lêpasing pangrèh,
ning uga kuwat kuwasa,
amandhiri priyangga,
wit saka iku dèn émut,
wênang lan wajib tan pisah
1)    Menapa namanipun sekar macapat ing nginggil?
2)    Kasebatna guru wilangan  saking tembang macapat menika!
3)    Kasebatna guru lagu saking tembang macapat menika!
4)    Kasebatna 2 piwulang saking tembang macapat ing nginggil menika!
B. Tembang 2
tuhu trêsna nyingkiri sagung pêpacuh
tansah tumindak kang bêcik
tumraping bêbrayan agung
tumanduke mring sêsami
tan suka adamêl awon
1)    Menapa namanipun sekar macapat ing nginggil?
2)    Kasebatna guru wilangan  saking tembang macapat menika!
3)    Kasebatna guru lagu saking tembang macapat menika!
4)    Kasebatna 2 piwulang saking tembang macapat ing nginggil menika!

Comments

Popular posts from this blog

KUMBAKARNA Raden Kumbakarna iku sawijining raseksa kang nduwé watek satriya, jujur, seneng marang bebener, lan panggah mbélani negarané. Raden Kumbakarna mapan anèng Kasatriyan Panglebur Gangsa. Nalika Dasamuka mbrontak kahyangan lan para dewa ora kuwawa ngadhepi serangan mau, Kumbakarna oleh jodho widadari Dewi Kiswani lan peputra kembar wujud raseksa aran Kumba Kinumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diserang déning bala kethèk sekutuné Sri Rama, Kumbakarna matur marang Dasamuka supaya Sinta dibalèkaké marang Rama, sebab perkara mau bisa ndadèkaké Alengka rubuh. Krungu aturé Kumbakarna, Dasamuka banjur duka lan prasapa bakal mbelani Sinta nganti tekaning pati. Kumbakarna ditundhung lunga saka Alengka. Kumbakarna banjur tapa turu, ora pengin weruh negara Alengka lemah klairané rubuh merga perkara wanita. Nalika perang gedhèn kedadèn, Dasamuka ngutus Indrajit supaya nggugah tapané Kumbakarna lan njaluk supaya Kumbakarna dadi senopati perang mungsuh Sri Rama. Indrajit kasil ngguga
Wayang Wayang menika  gadhah  teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung  Ayang-ayang  minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang menika cekakaan saking tembung “ WA yahe sembah YANG ” ingkang tegesipun wayanipun Sholat. Sanesipun nyebataken bilih wayang menika cekakan saking tembung “ WA HANANE   H YANG ” Tembung  Wahana  tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung  Hyang  tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad. Babon carios wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih menika saking carios Ramayana saha Mahabharata. Cariso Ramayana ingkang basa sankretanipun  Rāmâyaṇa  saking tembung  Rāma  dalah  Ayaṇa  ingkang tegesipun Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening  Walmiki  (Valmiki) utawi Balmiki. Dene carios Mahabharata ingkang dipunanggit dening Begawan  Byasa  atau Vyasa, carios menika wosipun ngengingi Pandawa saha Kurawa ingkang rebatan Negara Astina. Ananging carios Ramayana s