Skip to main content

Cariyos Pengalaman

Cariyos Pengalaman
Ø  Pengalaman inggih menika kedadosan ingkang sampun nate dipunlampahi dening tiyang ing wekdal tertemtu. Pengalaman menika saged awujud pengakaman ingkang lucu, nengsemaken, damel bungah, malah kepara pengalaman ingkang damel sungkawa, ingkang baken pengalaman menika nandhes ing manah saha angel dipunsupekaken. Sinaosa mekaten, pengalaman ingkang becik menika pengalaman ingkang saged paring piwulang marang sinten kemawon ingkang mirengaken.
Ø  Cariyos pengalaman menika tegesipun nyariyosaken pengalaman utawi kedadosan ingkang sampun nate dipunalami dhumateng tiyang sanes. Wondene cariyos pengalaman ingkang dipuncariyosaken menika saged awujud pengalaman pribadhi menapa ugi pengalamanipun tiyang sanes. Cariyos pengalaman menika saged kaandharaken kanthi basa Jawa krama menapa ugi basa Jawa ngoko.
Ø  Supados anggenipun cariyos pengalaman menika sae, prayogi migatosaken perkawis ing ngandhap menika:
1)    Cariyos bab pengalaman menika tegesipun nyariyosaken pengalaman ingkang boten saged dipunsupekaken
2)    Ukaranipun prasaja saha cetha
3)    Tembung-tembungipun gampil dipunmangertosi
4)    Saged milah-milah frasa.
5)    Anggenipun ngandharaklen cariyos pengalamanipun menika kanthi solah bawa lan mimik ingkang trep kaliyan menapa ingkang dipuncariyosaken.
6)    Gampil dipunmangertosi topik saha isinipun cariyos.
Ø  Nyariyosaken cariyos pengalaman menika kedah nggatosaken unsur-unsur kadosta ing ngandhap menika:
1)    Pengalaman menapa ingkang badhe kacariyosaken
2)    Wekdalipun kapan kedadosan ingkang badhe kacariyosaken menika
3)    Papan kedadosan ing pundi cariyos pengalaman menika nate kedadosan
4)    Tiyang utawi paraga sanes ingkang wonten ing salebetipun cariyos pengalaman menika
5)    Sebab-sebab cariyos pengalaman menika saged kedadosan
6)    Kadospundi cariyos pengalaman menika kedadosan
Tuladha cariyos pengalaman:
Sudah Kinclong.....!!!
MOS SMA-ku pancen abot.OSIS –e rada rewel.Yen ana kang ora trep kalawan apa kang kang dikarepake banjur diukum.Sawise upacara siswa anyar banjur mlebu kelas.OSIS nuli ngetutake lan wiwit ngabsen mbaka siji kanggo mesthekake yen ora ana siswa anyar kang kleru kelas.
Saben kelas disandhing OSIS loro.Kelasku dicekel OSIS aran Dadi lan Dedi ( dening kanca-kancane diparabi Kinclong).Nalika ngabsen siswa anyar kang aran Simping.Dedi ngguyu,pikire jeneng kok aneh.Mesthi wae Simping nesu.Dhasar bocahe kendel.”Ngapa kok nggeguyu jenengku?Emange lucu?”Dedi kang isih ngguyu lagi sadhar yen polahe mau ora dadi atine Simping.Aku sakanca padha mlongo.Genea Simping kok wani ngelikake OSIS,”Ora wedi yen diukum pa?”pikirku sakanca.Sawise rampung, aku sakanca dikon resik-resik kelas.OSIS padha ngomandhani.Sawise rampung,aku sakanca banjur mlebu.Dedi takon,”Sudah bersih adhik-adhik?”
Sudah,Kak.Sudah kinclong!”Simping nyauri karo ngadeg,niru iklan ing TV.Karuwan kabeh padha ngguyu cekakakan.Kanca-kancane Dedi kang lungguh-lungguh ing dingklik ngarep kelasku padha ngguyu cekakakan genti Dedi sing kisinan,apa maneh kanca-kanca dikon leren anggone ngguyu ning tetep ngeyel.Satu sama ya mas?
Arum Sutarsih – Majalah “Djaka Lodang”
Tugas 1
1.     Kaandharna menapa ingkang dipunwastani cariyos pengalaman!
2.     Kagatosna cariyos pengalaman ing ngandhap menika lajeng kawangsulana pitakenan ing ngandhapipun!
Diawe-Awe Si Rai Pucet
Nalikanipun kula kaliyan rayi kula kenging sesakit Demam Berdarah, kula nyumerepi kedadosan ingkang nganeh- anehi. Kula kaliyan rayi kula mondhok ing ruang ICU. Miturut dokter sakit kula kaliyan rayi kula sampun kasep saengga kedah pikantuk penanganan ingkang sakalangkung serius. Punapa malih rayi kula taksih umur gangsal taun saengga sanget damel penggalihan tiyang sepuh kula saestu sungkawa. Nalika tabuh 18.00 wib. Kula ngantuk sanget raosipun, ananging mboten saged tilem amargi kamar kula kathah sedherek ingkang besuk. Capet-capet kula ningali saking pojokan cendhela kamar wonten tiyang setri rikmanipun lurus panjang pasuryanipun pucet sanget ngawe-awe kula kaliyan rayi kula. Lajeng rayi kula mungel “mbak, kae ana wong ngawe-awe, awake dhewe dikonmrana.” Kula lajeng wangsulan ” aku ora kenal dhik trus simbak ngantuk banget.” Nalika kula tangi tilem kula ningali tiyang sepuh kula muwun amargi rayi kula kritis. Ananging amargi kersaning Gusti, rayi kula saged mantun. Sasampunipun rayi kula mantun lajeng cariyos menawi nalika dipunawe mbak ingkang ngagem sarwa pethak sarta pucet pasuryanipun. Rayi kula sempat dipungendhong tiyang setri punika. Ananging lajeng dipunwangsulaken dhateng ngamben griya sakit, nalika rayi kula muwun santer sanget amargi boten purun dipunajak tiyang punika. Tiyang punika manungsa punapa dhemit, taksih dados pitakenan dumugi sapunika.
(Dening Triwik Damarjati)
a.    Cariyos pengalaman ing nginggil menika kalebet jenis cariyos pengalaman ....
b.    Basa ingkang dipunginakaken dening penulis menika ngginakaken ragam basa ....
c.    Pengalaman ingkang irah-irahanipun ” Diawe-Awe Si Rai Pucet” ing nginggil menika kedadosan ing ....
d.    Paraga utama cariyos pengalaman ingkang irah-irahanipun ” Diawe-Awe Si Rai Pucet” ing nginggil menika inggih menika...

e.    Piwulang ingkang saged dipunpikantuk saking cariyos pengalaman ingkang irah-irahanipun ” Diawe-Awe Si Rai Pucet” ing nginggil menika inggih menika...

Nulis Cariyos Pengalaman
Ø  Nyariyosaken cariyos pengalaman menika kedah nggatosaken unsur-unsur kadosta ing ngandhap menika:
1)    Pengalaman menapa ingkang badhe kacariyosaken
2)    Wekdalipun kapan kedadosan ingkang badhe kacariyosaken menika
3)    Papan kedadosan ing pundi cariyos pengalaman menika nate kedadosan
4)    Tiyang utawi paraga sanes ingkang wonten ing salebetipun cariyos pengalaman menika
5)    Sebab-sebab cariyos pengalaman menika saged kedadosan

6)    Kadospundi cariyos pengalaman menika kedadosan

Comments

Popular posts from this blog

KUMBAKARNA Raden Kumbakarna iku sawijining raseksa kang nduwé watek satriya, jujur, seneng marang bebener, lan panggah mbélani negarané. Raden Kumbakarna mapan anèng Kasatriyan Panglebur Gangsa. Nalika Dasamuka mbrontak kahyangan lan para dewa ora kuwawa ngadhepi serangan mau, Kumbakarna oleh jodho widadari Dewi Kiswani lan peputra kembar wujud raseksa aran Kumba Kinumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diserang déning bala kethèk sekutuné Sri Rama, Kumbakarna matur marang Dasamuka supaya Sinta dibalèkaké marang Rama, sebab perkara mau bisa ndadèkaké Alengka rubuh. Krungu aturé Kumbakarna, Dasamuka banjur duka lan prasapa bakal mbelani Sinta nganti tekaning pati. Kumbakarna ditundhung lunga saka Alengka. Kumbakarna banjur tapa turu, ora pengin weruh negara Alengka lemah klairané rubuh merga perkara wanita. Nalika perang gedhèn kedadèn, Dasamuka ngutus Indrajit supaya nggugah tapané Kumbakarna lan njaluk supaya Kumbakarna dadi senopati perang mungsuh Sri Rama. Indrajit kasil ngguga

Tembang Macapat

3.3.   Memahami ajaran moral dan menganalisis struktur tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.1 Menjelaskan hakikat Tembang Macapat 3.3.2  Mengidentifikasi kata-kata sukar di dalam Tembang Macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.3  Mendeskripsikan struktur teks tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.4  Mendeskripsikan ajaran moral tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.5  Menjelaskan kaidah kebahasaan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.1  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.2  Menanggapi penampilan teman Tembang Macapat A. Jinising Tembang Macapat Tembang macapat uga sinebut puisi tradhisional  jinisi lan perangane  dadi telung perangan gedhe : b)       Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik) Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula. b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhag
Wayang Wayang menika  gadhah  teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung  Ayang-ayang  minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang menika cekakaan saking tembung “ WA yahe sembah YANG ” ingkang tegesipun wayanipun Sholat. Sanesipun nyebataken bilih wayang menika cekakan saking tembung “ WA HANANE   H YANG ” Tembung  Wahana  tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung  Hyang  tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad. Babon carios wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih menika saking carios Ramayana saha Mahabharata. Cariso Ramayana ingkang basa sankretanipun  Rāmâyaṇa  saking tembung  Rāma  dalah  Ayaṇa  ingkang tegesipun Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening  Walmiki  (Valmiki) utawi Balmiki. Dene carios Mahabharata ingkang dipunanggit dening Begawan  Byasa  atau Vyasa, carios menika wosipun ngengingi Pandawa saha Kurawa ingkang rebatan Negara Astina. Ananging carios Ramayana s