Skip to main content
UNGGAH-UNGGUH BASA
 A.  Kompetensi Inti
1.  Pengetahuan
Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual, prosedural berdasarkan rasa ingintahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah.
2.  Keterampilan
Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri, dan mampu menggunakan metoda sesuai kaidah keilmuan.Kompetensi Dasar *)
B.  Kompetensi Dasar *)
1.  KD pada KI pengetahuan
3.2.          Memahami simulasi berbahasa Jawa dalam keluarga, sekolah, dan masyarakat dengan unggah-ungguh yang tepat
2.  KD pada KI keterampilan
4.1.          Simulasi berbahasa Jawa dalam keluarga, sekolah, dan masyarakat dengan unggah-ungguh yang tepat.

1.  Pangertosan Unggah-Ungguh Basa
Unggah-ungguh basa menika pranatan basa miturut lenggahing tata krama utawi sopan santun. Tegesipun sinten kemawon tiyang ingkang kawastanan mangertos unggah-ungguh basa, menawi nalikanipun gineman utawi srawung dhateng tiyang sanes basanipun kedah dipun arah-arah, netepi pranataning subasita, paugeran sopan santun, satemah tiyang wau tansah dipuntampi, dipunremeni ing pasrawungan sarta tebih saking panyendu.
Tiyang ingkang mangertos ing unggah-ungguh saged mapanaken dhiri-pribadhinipun saleres-leresipun sarta tansah caos kurmat dhateng tiyang sanes.
Supados satunggalipun tiyang menika anggenipun gineman/ micara saged selaras kaliyan unggah-ungguh basa ingkang trep, pramila kedah nggatosaken SAD GUNA WICARA:
1.            Sinten ingkang gineman (ngrumaosi pribadinipun ingkang gineman) saha sinten ingkang dipunajak gineman.
2.            Basanipun ingkang dipunajak gineman.
3.            Menapa ingkang dipunginemaken.
4.            Wekdalipun nalika gineman.
5.            Papanipun rikala gineman.
6.            Swasana rikala gineman.
Ing jaman rumiyin, unggah-ungguhipun basa kapilah ing antawisipun kados ing ngandhap menika:
a.    Basa ngoko
Basa ngoko kaliah malih dados basa ngoko lugu saha ngoko andhap. Wondene basa ngoko andhap menika kapilah malih dados basa antya basa saha basa antya
b.    Basa madya
Basa madya menika kaperang malih dados tiga, inggih menika madya ngoko, madya krama, saha madyantara.
c.    Basa krama
Basa krama menika kaperang malih dados basa madhakrama, kramantara, wredhakrama, krama inggil saha krama desa.
d.    Basa bagongan saha basa kedhaton
Ing wekdal samenika tata unggah ungguhipun basa menika sampun langkung karingkes malih, namung kaperang dados kalih. Inggih menika basa ngoko saha basa krama. Basa ngoko kaperang dados basa ngoko lugu saha ngoko alus. Wondene basa krama ugi kaperang dados basa krama lugu saha krama alus.
I.             Basa Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu menika biasanipun dipunginakaken:
a.    Tiyang sepuh marang putra, wayah, menapa dene dhumateng tiyang anem sanesipun.
b.    Dhumateng sasaminipun, kanca sepantaran. Tuladhanipun pachelathon antawisipun lare kaliyan kancanipun.
c.    Pangageng dhateng tiyang sangandhapipun, tuladhanipun juragan dhateng baturipun.
d.    Panguda raos ( gineman kaliyan pribadinipun piyambak)
Tuladhanipun basa ngoko lugu:
Sinta: “Nda, aku mbok nyilih buku cathetan pelajaran fisikamu. Cathetanku kurang lengkape.
Dinda:” Kok isa kurang lengkap? Mesthi wingi oran nggatekke.”
II.           Basa Ngoko Alus
Basa ngoko alus menika biasanipun dipunginakaken dening tiyang ingkang sampun supeket utawi akrab ananging taksih gadhah raos ngurmati dhumateng ingkang dipunajak gineman menika. umpaminipun pachelathon ing antawisipun kanca nyambut damel ing kantor, sasaminipun kanca sekolah, sesaminipun kanca organisasi, lsp.
Tuladhanipun basa ngoko alus:
Gineman antawisipun kanca kantor:
Pak Danu: “Pak Budi, nuwun sewu. Njenengan mau wis dhahar apa durung?
Pak Budi: “Aku ta? Aku Durung mangan. Apa njenengan arep njajakke aku neng warung?
III.         Basa Krama Lugu
Basa krama lugu menika biasanipun dipunginakaken:
1.    Dhumateng sasaminipun kanca nanging derengsupeket (akrab)
2.    Tiyang sepuh dhumateng tiyang ingkang langkung enem ananging ingkang anem menika wau wajib kinurmatan.
3.    Tiyang ingkang gadhah kalenggahan (drajat/ pangkat) inggih dhateng andhahanipun, ananging andhahanipun menika yuswanipun langkung sepuh utawi wajib kinurmatan.
4.    Tiyang ingkang gineman menika priyayi luhur, wondene ingkang dipunajak gineman menika tiyang limrah ingkang sampun sepuh yuswanipun utawi wajib kinurmatan.
Tuladhanipun basa krama lugu:
Ginemanipun pak dhukuh dhumateng para pemuda ing satunggalipun parepatan karangtaruna.
Adhik-adhik sedaya para kadang pemudha Dhusun Makmur, kula ing mriki ngaturaken panuwun dhumateng sampeyan sedaya awit sampun purun kempal sesarengan wonten ing kalodhangan menika.”
IV.          Basa Krama Alus
Basa krama alus menika biasanipun dipunginakaken:
1.            Tiyang ingkang gineman menika dereng tepang kaliyan ingkang dipunajak gineman, wondene ingkang dipunajak gineman menika ketingal langkung sepuh tinimbang piyambakipun utawi kagungan pangkat ingkang inggil.
2.            Tiyang ingkang ngajak gineman menika langkung enem yuswanipuntinimbang ingkang dipunajak gineman, satemah ingkang dipunajak gineman menika wajib kinurmatan.
3.            Tiyang ingkang gineman menika langkung andhap drajat pangkatipun tinimbang ingkang dipunajak gineman, utawi ingkang dipunajak gineman menika wajib kinurmatan.
Tuladha panganggenipun basa krama inggil:
Gineman antawisipun wayah (putu) dhateng eyangipun:
Nandar: “Simbah sampun dhahar menapa dereng, Mbah?
Simbah: “Uwis, aku mau wis mangan. Kowe wis mangan durung, le?

Nandar: “ Sampun ugi kok, Mbah.”

Comments

Popular posts from this blog

KUMBAKARNA Raden Kumbakarna iku sawijining raseksa kang nduwé watek satriya, jujur, seneng marang bebener, lan panggah mbélani negarané. Raden Kumbakarna mapan anèng Kasatriyan Panglebur Gangsa. Nalika Dasamuka mbrontak kahyangan lan para dewa ora kuwawa ngadhepi serangan mau, Kumbakarna oleh jodho widadari Dewi Kiswani lan peputra kembar wujud raseksa aran Kumba Kinumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diserang déning bala kethèk sekutuné Sri Rama, Kumbakarna matur marang Dasamuka supaya Sinta dibalèkaké marang Rama, sebab perkara mau bisa ndadèkaké Alengka rubuh. Krungu aturé Kumbakarna, Dasamuka banjur duka lan prasapa bakal mbelani Sinta nganti tekaning pati. Kumbakarna ditundhung lunga saka Alengka. Kumbakarna banjur tapa turu, ora pengin weruh negara Alengka lemah klairané rubuh merga perkara wanita. Nalika perang gedhèn kedadèn, Dasamuka ngutus Indrajit supaya nggugah tapané Kumbakarna lan njaluk supaya Kumbakarna dadi senopati perang mungsuh Sri Rama. Indrajit kasil ngguga

Tembang Macapat

3.3.   Memahami ajaran moral dan menganalisis struktur tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.1 Menjelaskan hakikat Tembang Macapat 3.3.2  Mengidentifikasi kata-kata sukar di dalam Tembang Macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.3  Mendeskripsikan struktur teks tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.4  Mendeskripsikan ajaran moral tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.5  Menjelaskan kaidah kebahasaan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.1  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.2  Menanggapi penampilan teman Tembang Macapat A. Jinising Tembang Macapat Tembang macapat uga sinebut puisi tradhisional  jinisi lan perangane  dadi telung perangan gedhe : b)       Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik) Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula. b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhag
Wayang Wayang menika  gadhah  teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung  Ayang-ayang  minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang menika cekakaan saking tembung “ WA yahe sembah YANG ” ingkang tegesipun wayanipun Sholat. Sanesipun nyebataken bilih wayang menika cekakan saking tembung “ WA HANANE   H YANG ” Tembung  Wahana  tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung  Hyang  tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad. Babon carios wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih menika saking carios Ramayana saha Mahabharata. Cariso Ramayana ingkang basa sankretanipun  Rāmâyaṇa  saking tembung  Rāma  dalah  Ayaṇa  ingkang tegesipun Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening  Walmiki  (Valmiki) utawi Balmiki. Dene carios Mahabharata ingkang dipunanggit dening Begawan  Byasa  atau Vyasa, carios menika wosipun ngengingi Pandawa saha Kurawa ingkang rebatan Negara Astina. Ananging carios Ramayana s