Skip to main content
Nulis Geguritan
Geguritan inggih menika wujud puisi Jawa modern ingkang tembung-tembungipun singkat, mentes, ngginakaken purwakanthi, nanging boten ngginakaken paugeran-paugeran kados dene tembang. Miturut Endraswara (2003: 224-229), amrih saged nulis puisi/geguritan kanthi sae, saged ngginakaken enem (6) laku minangka tuntunan mekaraken kreativitas, yaiku :
1)  Nglatih tanggap sasmita, inggih menika nglatih ‘kepekaan diri’ ingkang saged katindakaken kanthi remen nggatosaken kahanan sakiwa tengenipun, asring nandhingaken kahanan, saha salajengipun.
2)  Nangkep ilham, ilham ing mriki saged dipunwastani pemikiran ingkang saged nuwuhaken pamanggih/ ide. Dipunpikantuk kanthi ngeningaken cipta, remen olah raos, saha titen.
3)  Nuwuhaken tembung ingkang sepisanan minangka tembung ingkang saged nuntun tembung-tembung salajengipun. Setunggal tembung menika saged dipunpikantuk kanthi menggalihaken pitakenan bab menapa, sinten, kados pundi, kapan, saha papanipun wonten ing pundi. Kanthi mekaten setunggal tembung menika saged nuwuhaken tembung-tembung sanes ingkang komprehensif, koheren, lan kohesif.
4)  Ngolah tembung, saged katindakaken kanthi nyusun tembung-tembung ingkang tuwuh saking ilham-ilham menika wau.
5)  Suka vitamin ing tembung-tembung menika. Menawi tembung-tembung kala wau karaos dereng wangun saha dereng pas, saged dipunsukani kagunan basa the art of literature’ (purwakanthi, wangsalan, entar, pepindhan, paribasan, lsp)
6)  Nyeleksi tembung saged katindakaken kanthi menggalihaken sinten ingkang maca, kados menapa ingkang dipungbayangaken. Kanthi mekaten, kaajab saged tuwuh geguritan ingkang prasaja nanging sae isinipun saha narik kawigatosanipun ingkang maca.
Ø  Nalika nulis geguritan saged kabiji saking:
1) Runtutipun tembung saha ide, prayoginipun menawi wonten estetikanipun (purwakanthi, wangsalan, parikan, saha sanesipun).
2) Logika saha kreativitas ingkang ngemot makna.
3) Ing saben larik wonten gegayutanipun kaliyan irah-irahanipun.
Ø  Amrih geguritn dados sae, wonten sawetawis cara ingkang saged katindakaken, ing antawisiPun inggih menika:
(1) Manggihaken gagasan/ idhe langkung rumiyin (‘momen puitik’ utawi bab sing endah saha nabet manah);
(2) Nyelarasaken antawisipun wujud saha isinipun geguritan (wonten gegayutanipun ingkang endah saha laras antawisipun wosipun rembag saha caranipun mbablasaken wosipun rembag);
(3) mujudaken geguritan ingkang cetha ancasipun (sanes geguritan ingkang cetha kekajenganipun) lumantar anggenipun mbabar;
(4) ngetingalaken dayanipun pribadhi penggurit saha saged nedahaken asil reriptanipun;
(5) saged nedahaken bilih reriptanipun menika unik (beda kaliyan sanesipun);
(6) saged nambah wawasanipun ingkang sami maca geguritanipun (minangka pitedah murih sami purun mikir perkawis ingkang sae)
Ø  Enem (6) laku minangka tuntunan mekaraken kreativitas nulis gegeuritan, ing antawisipun inggih menika:
1. Nglatih tanggap sasmita,
inggih menika nglatih ‘kepekaan diri’  ingkang saged katindakaken kanthi remen nggatosaken kahanan sakiwa tengenipun, remen mbandingaken kahanan, lsp.
2. Ngenikaken cipta, olah raos, titen, satemah saged ngundhuh ilmu kala wau, pikantuk gagasan.
3. Nemtokaken tembung ingkang sepisanan minangka tembung ingkang saged nuntun anggenipun manggihaken tembung-tembung ingkang sanesipun. Satembung menika wau saged kapanggihaken kanthi suka pitakenan menapa, sinten, kadospundi, pripun, kapan, saha wonten ing pundi papanipun, satemah saged nuwuhaken tembung-tembung sanesipun ingkang komprehensif, koheren, lan kohesif.
4.  Ngolah tembung, saged katindakaken kanthi nyusun tembung-tembung ingkang sampun kapanggihaken kala wau.
5. Menawi tembung-tembung kala wau karaos dereng wangun saha dereng pas, saged dipunsukani kagunan basa (purwakanthi,  wangsalan, tembung éntar, pepindhan, paribasan, lsp).
6. Nyelèksi tembung saged katindakaken kanthi mikiraken sinten ingkang badhe maca/konsumen (ersatz-stimuli), salajengipun saged nggentos tembung-tembung ingkang kirang mentes. Kanthi mekaten, kaajab saged ndadosaken geguritan ingkang prasaja(ekonomis) nanging mentes isinipun saha narik kawigatosan tiyang ingkang maca.
Ø WANGSALAN
inggih menika ukara bebatangan, wujudipun batangan utawi bedhekan kapetha sampun wonten ing gatra ngajeng, tebusanipun kasebat ing gatra wingking kanthi sarana kasrempet ing tembung utawi wanda ingkang ngemperi (dados sinandi).
Adhedhasar pangrakiting tembung lan wujudipun, wangsalan kaperang dados sekawan:
1. Wangsalan bebas utawi wangsalan padinan
Kadhapuk ngagem basa lumrah utawi basa padintenan. Wangsalan punika boten nyebataken batanganipun, ananging ingkang mireng utawi maos dipunanggep sampun mangertos maksudipun amargi sampun lumrah ing pasrawungan.
Tuladha :
Njanur gunung, kadingaren kersa tindak mrene. (aren)
Jenang tela, mas. Rada gumathuk. (gethuk)
2. Wangsalan kang pinathok ing guru wilangan
(a) Wangsalan ingkang awujud ukara setunggal
Wangsalan ingkang kadadosan saking kalih gatra. Gatra kapisan sekawan wanda, minangka cangkrimanipun. Gatra kaping kalih wolung wanda, minangka batanganipun.
Tuladha : 
Balung janur, apa nyata bakal sida? (sada)
Menyan seta, tuwas tiwas labuh pati. (tawas)
 (b) Wangsalan ingkang awujud ukara kalih
Saben setunggal ukara kadadosan saking kalih gatra. Gatra kaping setunggal sekawan wanda, minangka cangkrimanipun. Gatra kaping kalih wolung wanda, minangka batanganipun.

Tuladha :
Kroncang asta, pithing alit welut wana.
Ja sumelang, cah ayu sun lela-lela.
 (gelang, ula)
1.  Wangsalan edi peni
Wangsalan ingkang ugi migunakaken purwakanthi.
(a)                Wangsalan edi peni ingkang awujud ukara setunggal (4+8)
Tuladha :
Jenang gula, lamun lali den elingna. (glali)
Ngegong cilik, tansah kumpul ora becik. (kempul)
Mendhung seta, doyan gawe antuk lega. (mega)
(b)                Wangsalan edi peni ingkang awujud ukara kalih (4+8 X 2)
Tuladha :
Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka.
Para mudha, ngudia mangiket basa. (kemada, iket)
Jarwa roga, roganing driya wus sirna.
Lara lapa, tinampa kanthi legawa. (lara, lega)
2.  Wangsalan ingkang sinawung ing tembang
Tuladha :          
Kinanthi
Kinanthi liring pitutur
Kenthang rambat menyan putih
Awasna dipun pratela
Noliha wiranging wuri
Cecangkok wohing kalapa
Kang dadi pathoking urip
K.G.P.A.A. Mangkunagara IV
Kenthang rambat          : tela
Menyan putih     : welirang
Cecangkok wohing kalapa : bathok
Ø  PARIBASAN
Yaiku ukara utawi unen-unen ingkang ajeg panganggenipun, mawi teges entar, lan boten ngemu pepindhan.
Tuladha   : 
Durung pecus keselak besus
Dereng sembada, ananging sampun gadhah pepinginan sanes.
Sepi ing pamrih, rame ing gawe
Nindakaken pakaryan tanpa kamelikan punapa kemawon.
Ø  BEBASAN
Yaiku ungel-ungelan utawi tetembungan ingkang ajeg panganggenipun, mawi teges entar, ingkang dipun pindhakaken kawontenanipun tiyang utawi barang, barangipun katut ing pepindhan, ingkang wigatos kawontenan lan tindak tandukipun dipun sebataken wonten ing ngajeng.
Upama    :
Ancik-ancik pucuking eri.
Tiyang ingkang tansah sumelang.
Dicuthat kaya cacing.
Dipundhawuhi kesah kanthi dipun siya-siya.
Gawe luwangan, ngurugi luwangan.
Pados utangan kangge mbayar utang dangu.
Ø  SALOKA
Yaiku tetembungan ingkang ajeg panganggenipun, ngemu surasa pepindhan, ingkang dipun pindhakaken inggih punika tiyangipun, semanten ugi wewatakan utawi sesipatanipun.
Upama    : 
Lahang karoban manis.
Tiyang bagus utawi ayu ingkang becik kalakuanipun.
Gajah ngidak rapah.
Tiyang ingkang nerak wewaleripun piyambak.
Ø  SANDIASMA
Inggih punika asma ingkang sinandi utawi ingkang dipun dhelikaken.
Tuladha :
Indonesia gemah ripah loh jinawi
Tandurane maneka warna jinise
Mulya para wargane ora kurang pangan
Pangeran tansah peparing kang migunani kanggo negri iki
Ngati-ati, gemi lan nastiti anggonmu jaga bumi Indonesia
Asma ingkang sinandi wonten ing geguritan inggih punika panganggitipun, Intan Mupangat.
Ø  SANEPA
Inggih punika tembung kahanan ingkang kasambung tembung aran ingkang tegesipun kosok balen.
Tuladha :
abang dluwang   = pucet banget
dhuwur kencur    = endhek banget
landhep dhengkul          = kethul banget
Ø  Panyandra
   Yaiku tetembungan ingkang nggambar utawi ngentha-entha dipun emper-emperaken kaliyan endahing rembulan sarta dipuncariosaken mawi pepindhan ingkang sae. Ingkang dipun candra inggih punika sesipatanipun, kawontenanipun, solah bawanipun, lsp. 
Tuladha :
Alise nanggal sepisan
Drijine mucuk eri

Rambute ngandhan-andhan
ØTuladha Geguritan
Marang Para Mudha
Dening : Dwi.kf

Marang para mudha
Generasi kang bakal dadi
Pangemban raharjaning nagara
Elinga jejibahanmu
Wiwitana
kanthi taberi sinau
Supaya ginayuh
Widagdaning pikir lan tumindakmu
Jero ing kawruh
Lurus ing laku
Luhur ing budi

Yaiku
berbudi kang bawa leksana
Supaya bisa
Nyembadani raharjaning bangsa
Saeka kapti mbangun negara
Asung bekti marang bangsa
Tan ngglewang jumejering tekad
Amarga ati nora kuat
Keblinger mosak masiking kahanan donya
Kahanan kang agawe lena
Tundhone blero anggone narima
kemajuaning jaman kang tinampa

Le, ndhuk, nak,.
Elinga
Sepira lawase
Sepira digdayane
negara lan bangsa iki
ing wektune bakal kajibahake ing pundhakmu

Mula
bola bali dak kandhani
sregepa ngudi ngilmu
supaya dumadi gegayuhanmu
kasembadan jejibahanmu
gawe bombong rama ibu
netepi janji marang bangsamu
mujudake negara kang tansah maju

Comments

Popular posts from this blog

KUMBAKARNA Raden Kumbakarna iku sawijining raseksa kang nduwé watek satriya, jujur, seneng marang bebener, lan panggah mbélani negarané. Raden Kumbakarna mapan anèng Kasatriyan Panglebur Gangsa. Nalika Dasamuka mbrontak kahyangan lan para dewa ora kuwawa ngadhepi serangan mau, Kumbakarna oleh jodho widadari Dewi Kiswani lan peputra kembar wujud raseksa aran Kumba Kinumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diserang déning bala kethèk sekutuné Sri Rama, Kumbakarna matur marang Dasamuka supaya Sinta dibalèkaké marang Rama, sebab perkara mau bisa ndadèkaké Alengka rubuh. Krungu aturé Kumbakarna, Dasamuka banjur duka lan prasapa bakal mbelani Sinta nganti tekaning pati. Kumbakarna ditundhung lunga saka Alengka. Kumbakarna banjur tapa turu, ora pengin weruh negara Alengka lemah klairané rubuh merga perkara wanita. Nalika perang gedhèn kedadèn, Dasamuka ngutus Indrajit supaya nggugah tapané Kumbakarna lan njaluk supaya Kumbakarna dadi senopati perang mungsuh Sri Rama. Indrajit kasil ngguga

Tembang Macapat

3.3.   Memahami ajaran moral dan menganalisis struktur tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.1 Menjelaskan hakikat Tembang Macapat 3.3.2  Mengidentifikasi kata-kata sukar di dalam Tembang Macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.3  Mendeskripsikan struktur teks tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.4  Mendeskripsikan ajaran moral tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.5  Menjelaskan kaidah kebahasaan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.1  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.2  Menanggapi penampilan teman Tembang Macapat A. Jinising Tembang Macapat Tembang macapat uga sinebut puisi tradhisional  jinisi lan perangane  dadi telung perangan gedhe : b)       Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik) Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula. b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhag
Wayang Wayang menika  gadhah  teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung  Ayang-ayang  minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang menika cekakaan saking tembung “ WA yahe sembah YANG ” ingkang tegesipun wayanipun Sholat. Sanesipun nyebataken bilih wayang menika cekakan saking tembung “ WA HANANE   H YANG ” Tembung  Wahana  tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung  Hyang  tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad. Babon carios wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih menika saking carios Ramayana saha Mahabharata. Cariso Ramayana ingkang basa sankretanipun  Rāmâyaṇa  saking tembung  Rāma  dalah  Ayaṇa  ingkang tegesipun Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening  Walmiki  (Valmiki) utawi Balmiki. Dene carios Mahabharata ingkang dipunanggit dening Begawan  Byasa  atau Vyasa, carios menika wosipun ngengingi Pandawa saha Kurawa ingkang rebatan Negara Astina. Ananging carios Ramayana s