Skip to main content
Assalamu’alaikum wr. Wb
Alhamdulilah, Alhamdulillah wa syukurillah, la khaula walaa khuwata illa billah.
Ashadu anlaa ilaaha illallaah wa asyhadu anna Muhammadar Rasulullah. Allahumma syali’ala Muhammad, wa’alaa aali Muhammad ama’ ba’du.
Ingkang satuhu kinurmatan Bapak Kepala SMA N 1 Pengasih, Bapak/ Ibu guru saha para staf karyawan/ karyawari SMA N 1 pengasih ingkang kinurmatan, sarta para kanca siswa SMA N 1 Pengasih ingkang kula tresnani.
Saderengipun, sumangga kula saha panjenengan sedaya manungku puja munjukaken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat saha hidayahipun, satemah kula saha panjenengan sedaya saged kempal wonten ing papan menika tanpa kirang setunggal menapa. Sholawat saha salam mugi tansah konjuk dhumateng  Nabi Muhammad SAW, mugi-mugi syafaatipun tansah lumintu dhateng para sahabat, langkung-langkung dhateng umat akhir jaman saha para rawuh ing papan menika.
Salajengipun, kula ngaturaken sugeng rawuh saha agunging panuwun awit panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal saperlu kempal wonten ing kalodhangan menika.
Para rawuh ingkang kinurmatan, saderengipun matur kathah-kathah, langkung rumiyin kula nyuwun pangapunten awit kula kumawantun hamunggel kamardikan panjenengan ing kalaning pangandikan.
Keparenga ing kalodhangan menika kula mahyakaken sekedhik bab salah satunggalipun kesenian tradhisional ingkang kawentar saking Kabupaten Kulon Progo menika. Kados ingkang kula panjenengan sami mangertosi bilih kesenian tradhisional menika minangka salah satunggalipun wujud warisan luhur budayanipun bangsa ingkang kedah dipunlestantunaken supados boten ical kagiles dening kemajenganipun jaman. Kepara malah karebat dening bangsa manca ingkang langkung migatosaken ajinipun kabudayan menika.
Kesenian tradhisional ingkang wonten ing tlatah Kulon Progo menika ing antawisipun wonten angguk, jathilan, incling, saha sapanunggalanipun. Keparenga ing kalodhangan menika kula badhe caos wawasan sekedhik ingkang kula mangertosi bab beksan angguk menika.
Para rawuh sedaya ingkang tansah bagya mulya, beksan angguk menika minangka salah satunggalipun kesenian tradhisional sampun dangu wonten ing tlatah Kulon Porgo menika. Wonten ingkang ngandharaken bilih beksan menika minangka pangrembakaning beksan dolalak saking kabupaten Purworejo ingkang lumebet ing Kulon Porgo kirang langkung tahun 1950.
Nanging ewa semanten, wonten ingkang ngandharaken bilih mula bukanipun beksan angguk menika namung beksan dolanan utawi panglipuripun mudha-mudhi. Kanthi pangrembakanipun jaman lajeng kasisipan perkawis-perkawis ingkang mistis. Wonten ingkang ngandharaken bilih beksan angguk menika minangka roh ingkang dolanan/ beksan kanthi lumantar awakipun penari.
Wonten malih versi sanes ingkang ngandharaken bilih beksan angguk menika mula bukanipun minangka wujud atur pamuji syukur dhumateng Gusti Allah sasampunipun panen pantun. Kangge mahargya panen pantun menika, para mudha-mudhi sami suka-suka kanthi cara nyekar, beksan sinambi “manthuk-manthuk (ngangguk-angguk)” satemah beksan menika kawastanan beksan angguk.
Beksan menika kalampahaken dening 15 penari estri ingkang ngagem kostum kados prajurit Walandi. Dangunipun beksan menika kirang langkung tiga dumugi pitung jam.
Para rawuh ingkang sutresna, sejatosipun beksan angguk menika saderengipun namung kalampahaken dening tiyang kakung. Sansaya dangu, beksan menika ugi kalampahaken dening tiyang estri. Busana beksan angguk menika kaperang dados kalih, inggih menika  busana kangge ingkang beksan saha busana kangge para pengiringipun. Busana ingkang dipunginakaken menika memper busananipun prajurit Walandi. Inggih menika kanthi ngangge rasukan cemeng lengen panjang, celana panjang sadhengkul, topi cemeng (ing perangan ngajeng topi menika wonten jambulipun  ingkang kadamel saking rambut buntut jaran utawi wulu), selendang, kacatingal cemeng, kaos kaki sadhengkul ingkang werninipun abrit utawi jene, saha rompi. Wondene busananipun pengiring menika ing antawisipun wonten rasukan biasa, jas, sarung, saha kopiah.
Para rawuh kakung sumawana putri,
kados dene kesenian sanesipun, beksan angguk menika ugi ngginakaken pirantos pengiring. Pirantos pangiringipun pagelaran angguk menika ing antawisipun inggih menika kendhang, bedhug, tambur, kencreng, rebana (cacahipun kalih), terbang ageng saha jedor. Pirantos-pirantos menika katabuh kanthi rancak satemah ngasilaken suwanten ingkang sae kangge ngiringi beksan angguk menika.
Para rawuh ingkang sutresna,
ing tlatah Kulon Progo menika, kelompok beksan angguk menika ing antawisipun wonten kelompok angguk Putri Sri Lestari saking laladan Pripih, kelompok angguk Mekar Perwitasari saking Hargomulyo, saha kelompok angguk Putri Pusparini saking desa Kulur. Kelompok-kelompok menika ingkang samenika taksih nglestantunaken warisan kesenian tradhisional ingkang adiluhung menika.
Para rawuh ingkang satuhu bagya mulya, mugi-mugi sekedhik atur kula bab beksan angguk menika saged caos wawasan tumrapipun panjenengan sami. Satemah tansah mangertosi bilih beksan angguk menika minangka salah satunggalipun beksan tradhisional ingkang adiluhung. kesenian ingkang gadhah keunikan-keunikan ingkang mirunggan, gadhah makna ingkang lebet tumrapipun sejarah menapa ugi agami. Sumangga kula saha panjenengan sedaya tansah nglestantunaken kesenian-kesenian tradhisional menika. Boten namung ingkang awujud beksan angguk kemawon nanging sedaya kesenian tradhisional adiluhung ing nagari menika.kanthi cara kados pundi? Saged kanthi cara ingkang maneka warna. Wiwit saking ndherek gladhi beksa angguk menika, caos panyengkuyung ingkang awujud menapa kemawon dhumateng kemajenganipun kelompok-kelompok kesenian menika, menapa ugi kanthi cara nanggap kesenian-kesenian menika ing wekdal-wekdal tertamtu supados kesenian menika tetep lestantun, boten kagiles kemajenganipun jaman.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawula hurmati, kula kinten cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten tuna dungkaping basa saha kiranging trapsilaning atur kula, namung lubering sih pangapunten panjenengan sedaya kemawon ingkang mawantu-wantu kula suwun.
Para rawuh ingkang minulya, kula kinten cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten lepating atur kula saha kiranging subasita anggen kula matur, saestu kula nyuwun agung pangaksama dhumateng panjengan sedaya. Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula. Maturnuwun.
Wassalamu’alaikum wr.wb

Comments

Popular posts from this blog

KUMBAKARNA Raden Kumbakarna iku sawijining raseksa kang nduwé watek satriya, jujur, seneng marang bebener, lan panggah mbélani negarané. Raden Kumbakarna mapan anèng Kasatriyan Panglebur Gangsa. Nalika Dasamuka mbrontak kahyangan lan para dewa ora kuwawa ngadhepi serangan mau, Kumbakarna oleh jodho widadari Dewi Kiswani lan peputra kembar wujud raseksa aran Kumba Kinumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diserang déning bala kethèk sekutuné Sri Rama, Kumbakarna matur marang Dasamuka supaya Sinta dibalèkaké marang Rama, sebab perkara mau bisa ndadèkaké Alengka rubuh. Krungu aturé Kumbakarna, Dasamuka banjur duka lan prasapa bakal mbelani Sinta nganti tekaning pati. Kumbakarna ditundhung lunga saka Alengka. Kumbakarna banjur tapa turu, ora pengin weruh negara Alengka lemah klairané rubuh merga perkara wanita. Nalika perang gedhèn kedadèn, Dasamuka ngutus Indrajit supaya nggugah tapané Kumbakarna lan njaluk supaya Kumbakarna dadi senopati perang mungsuh Sri Rama. Indrajit kasil ngguga

Tembang Macapat

3.3.   Memahami ajaran moral dan menganalisis struktur tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.1 Menjelaskan hakikat Tembang Macapat 3.3.2  Mengidentifikasi kata-kata sukar di dalam Tembang Macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.3  Mendeskripsikan struktur teks tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.4  Mendeskripsikan ajaran moral tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 3.3.5  Menjelaskan kaidah kebahasaan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.1  Melagukan tembang macapat Asmaradana dan Megatruh 4.3.2  Menanggapi penampilan teman Tembang Macapat A. Jinising Tembang Macapat Tembang macapat uga sinebut puisi tradhisional  jinisi lan perangane  dadi telung perangan gedhe : b)       Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik) Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula. b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhag
Wayang Wayang menika  gadhah  teges ingkang maneka warna. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika saking tembung  Ayang-ayang  minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten ingkang mastani bilih wayang menika cekakaan saking tembung “ WA yahe sembah YANG ” ingkang tegesipun wayanipun Sholat. Sanesipun nyebataken bilih wayang menika cekakan saking tembung “ WA HANANE   H YANG ” Tembung  Wahana  tegesipun panggenan utawa prantara, dene tembung  Hyang  tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad. Babon carios wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih menika saking carios Ramayana saha Mahabharata. Cariso Ramayana ingkang basa sankretanipun  Rāmâyaṇa  saking tembung  Rāma  dalah  Ayaṇa  ingkang tegesipun Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening  Walmiki  (Valmiki) utawi Balmiki. Dene carios Mahabharata ingkang dipunanggit dening Begawan  Byasa  atau Vyasa, carios menika wosipun ngengingi Pandawa saha Kurawa ingkang rebatan Negara Astina. Ananging carios Ramayana s